Waosan : Markus 5 : 1 – 20
Pamuji : KPK 165 : 1,2
Nats: “Wong-wong mau padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus lan ndeleng wong kang maune kapanjingan dhemit legion, linggih ing kono, wus manganggo ganep lan wis waras, satemah padha wedi.”[ayat 15]
Pamuji : KPK 165 : 1,2
Nats: “Wong-wong mau padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus lan ndeleng wong kang maune kapanjingan dhemit legion, linggih ing kono, wus manganggo ganep lan wis waras, satemah padha wedi.”[ayat 15]
Menawi ing tengahing margi
panjenengan dipuntodhong dening para begal, pundi ingkang badhe panjenengan
pasrahaken? Bandha napa nyawa kita? Temtu perangan ingkang paling aji boten
badhe kita pasrahaken. Kula kinten kita sarujuk menawi masrahaken bandha ingkang
kita bekta supados nyawa kita slamet. Bandha saged dipun upadi malih, ananging
nyawa boten saged kagantosaken.
Kasebataken, Gusti Yesus
lumampah dhateng dhusun alit aran Gerasa. Ing mriku Panjenenganipun kapapag
dening tiyang ingkang kapanjingan dhemit. Menawi kita gatosaken, tiyang punika
mrihatosaken karana kahananipun. Sampun kapanjingan dhemit, temtunipun sampun
boten dipunreken(gatosaken) dening sedherek-sedherekipun. Tiyangpunika boten
namung sakit jiwanipun ananging ugi raga ingkang risak karana dipun reh dening
dhemit ingkang aran Legion. Samangke, Gusti Yesus kaadhepaken ing panyuwunaning
dhemit legion. Dhemit kala wau nyuwun supados boten katundhung saking wilayah
punika lan keparenga manjing ing babi ewon ingkang nembe dipun engen. Tamtunipun,
punika badhe milujengaken tiyang ingkang kapanjingan dhemit kala wau. Nanging
dados kuciwaning manah tiyang ingkang kagungan babi. Punapa kemawon ingkang
badhe katindakaken Gusti Yesus tamtu badhe wonten resikonipun. Gusti Yesus
ningali bilih langkung aji kawilujengan lan pemulihan martabat tiyang ingkang
kepanjingan dhemit. Awit saking punika Gusti Yesus nyarasaken, nanging katampik
dening masyarakat Gerasa. Manungsa asring sanget dipunadhepaken dhateng
perkawis-perkawis ingkang rumpil, angel, awrat. Wonten paribasan ingkang
nyebataken:seperti makan buah simalakama. Prinsip ingkang saged kita sinau
saking Gusti Yesus bilih ingkang paling aji inggih tresna dhumateng sesami,
kawilujenganipun manungsa, kanthi mulihaken martabat kados manungsa sanesipun.
[PKS]
“Tresna iku mapanake sedulur ing papan kang samesthine”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar