Kamis, 06 Maret 2014

Blaka Suta


Waosan : Lukas 9 : 22 – 27
Pamuji KPK 71 : 1, 3
Nats : “Putrané manungsa bakal nandhang sangsara lan ditampik déning para pinituwa, para pengareping imam, sarta para ahli Torèt. Panjenengané bakal disédani, nanging ing telung dinané bakal diwungokaké.” [Ayat 22]
Kathah pandangan hidup utawi malah ugi agami ingkang namung nedahaken margining kasaenan, tanpa mblakakaken pakewed (kesulitan) lan sangsaranipun tumuju dhateng kasaenanipun.
Waosan kita dinten menika isi paring sumurupipun Gusti Yesus ingkang kapisan bab sangsara, seda lan wungunipun. Miturut Injil Lukas Gusti Yesus paring sumurup bab menika ngantos kaping 3 saderengipun lelampahan menika dumados. Menika nedahaken bilih: 1) lelampahan menika kedah lan saestu dumados, 2) Gusti Yesus sampun pirsa kanthi cetha lelampahan ingkang badhe dipun alami, 3) lelampahan ingkang badhe dipun alami dening Gusti Yesus saestu boten entheng, 4) pramila ndherek Panjenenganipun ugi boten gampil (ayat 23-26).
Anggenipun Gusti Yesus paring sumurup bab sangsara, seda lan wungunipun sarta sarat ndherek Panjenenganipun menika nedahaken anggenipun Gusti: 1) blaka suta dhateng sedaya tiyang. Gusti Yesus boten namung ngandika bab sekecanipun dherek Panjenenganipun supados tiyang kathah gampil kepencut ndherek Panjenenganipun. 2) ngersakaken pendherekipun ingkang militan. Tegesipun boten namung golek penak lan seneng, nanging tangguh lan tanggon tumrap sekathahing panggodha lan nafsu kadonyan. 3) ngersakaken para pendherekipun ugi blaka bab dhiri pribadinipun. Tegesipun, jujur, tulus, tanpa pamrih anggenipun sami lelados dhateng brayat, greja lan masyarakat; boten gampil goroh.
Kedahipun kita minangka tiyang Kristen malah bangga dan kagum dados kagunganipun Gusti ingkang blaka makaten menika. Anggenipun Gusti kita Yesus Kristus blaka menika kedahipun ngatag manah kita kanthi sukarena lan tulus lelados murih kamulyanipun Gusti, nadyan kedah ngalami sangsara. Sampun ngantos kita dados tiyang Kristen ingkang namung golek penak lan berkah tur seneng; menika cengkah (bertentangan) kaliyan Gusti Yesus. [ST]
“Wong sing jujur uripé binerkahan, nanging sing ngaya kepéngin énggal-énggal sugih nyiksa awaké dhéwé.”[Wulang Bebasan / Amsal  28: 20]


Tidak ada komentar:

Posting Komentar