Kamis, 20 Maret 2014

Ngandelaken Allah



Waosan : Yeremia 17 :  5 – 10
Pamuji : KPK 118
Nats : “Aku bakal mberkahi wong sing kumandel marang Aku. Wong kuwi bakal kaya wit sing ditandur ana ing pinggiring kali, sing oyod-oyodé tumancep ana ing banyu. Wit mau ora krasa ketaman panas ing mangsa ketiga, merga godhongé tetep ijo royo-royo; ora kuwatir ing mangsané ngerak; lan ora kendhat enggoné ngetokaké woh.” [ayat 7 - 8]

Wonten satunggaling warga pasamuwan ingkang nyuwun pirsa dhateng pendhitanipun: “Bu, kenging menapa nggih kok semah kula asring ketingal gelisah-sisah, polatanipun mboten nate ketingal bingah?” Bu Pendhita wangsulan: “Kula kinten garwa penjenengan kirang kumandel dhumateng Gusti. Langkung ngendelaken kakiyatanipun piyambak ingkang winates.”
“Kumandel” ing ngriki tegesipun tansah ngandelaken Gusti Allah klayan sih katresnan lan pangwasanipun. Tiyang ingkang kumandel dhumateng Allah masrahaken sedaya sesanggening (beban) gesangipun, rancanganipun lan pakaryanipun dhumateng Allah kanthi pangajeng-ajeng lan keyakinan dhumateng agunging sih rahmat lan pangwasanipun. Tiyang ingkang kumandel dhumateng Allah ugi mesthi tansah mbangun turut dhateng sedaya pangrehipun Allah.
Gusti Allah mberkahi saben tiyang ingkang kumandel dhumateng Panjenenganipun. Berkahipun Allah tansah lumintu (terus-menerus). Awit saking menika, tiyang ingkang sampun rumaos binerkahan dening Allah mesthi boten gampil sesambat, boten gampil kuwatos. Kosokwangsulipun, gesangipun kebak saos sokur lan tumindak utami minangka wohing gesangipun.
Mangga niti priksa gesang kita: menapa asring kuwatos, sesambat, kebak panyuwun menapa panuwun, kebak kautaman menapa piawon? Yen langkung asring kuwatos, sesambat, nyenyuwun tinimbang panuwun, ateges taksih asring kirang kumandel dhumateng Allah, kirang ngrumaosi yen sampun lan tansah binerkahan dening Gusti. Mangga tansah kumandel dhumateng Gusti Allah, tansah ngandelaken Gusti Allah klayan sih katresnan lan pangwasanipun. Mangga tansah masrahaken sedaya sesanggening gesang, rancangan lan pakaryan kita dhumateng Allah kanthi pangajeng-ajeng lan keyakinan dhumateng agunging sih rahmat lan pangwasanipun. [ST]
“Wong kang akeh panuwun syukure kang tansah binerkahan, dudu wong kang akeh panyuwune.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar