Rabu, 05 Maret 2014

Kamukten vs Pasedherekan



Waosan :  1 Samuel 20 : 24 – 42
Pamuji : KPK 77
Nats “Gusti Allah mugi njagi supados kita lan turun kita, tansah ngugemi janji kita kekalih ing ngarsanipun Allah.”[ayat 42b]

Kathah tiyang ingkang mburu kamukten (kekuasaan, jabatan, kekayaan). Malah wonten ingkang dhemi kamuktenipun tiyang tega ngurbanaken pasedherekan lan karukunan. Yen prelu tiyang sanes dipun pejahi menawi ngalang-alangi lampahipun tumuju dhateng kamukten. Saboten-botenipun sampun kathah tiyang ingkang dhemi kamuktenipun ngurbanaken arta ingkang kathah sanget kangge nyogok pejabat.
Ing waosan kita dinten menika kacariyosaken lelampahanipun Dawud lan Yonathan ingkang saweg nandhang kasisahan. Dawud dipun sengiti dening Prabu Saul, Raja Israel. Saul rumaos kawon pamor kaliyan Dawud ingkang taksih timur (mudha tumaruna). Saul muntab, nesu sanget, nalika nyumurupi Dawud boten sowan ing kraton sampun kalih dinten. Dawud boten sowan karana saweg sesarengan kaliyan brayatipun saos sokur dhumateng Gusti. Yonathan kadakwa dening bapakipun, Saul, mbelani Dawud, tiyang ingkang kaanggep lepat. Yonathan langkung sanget anggenipun mbelani Dawud sareng nyumurpi bilih Saul ngajab patinipun Dawud, srana matur “Dosanipun menapa?” Yonathan rumaos sedhih. Yonathan rumaos boten kecalan menapa-menapa nadyan boten dados raja nggantosi bapakipun. Piyambakipun malah rumaos kecalan ageng yen ngantos Dawud tiwas. Yonathan babar pisan boten rumaos bilih Dawud dados saingan ing kalenggahaning raja Israel. Yonathan langkung nengenaken pasedherekan ingkang raket dhedhasar katresnan ingkang tulus. Yonathan rumaos langkung ayem lan tentrem srana tetunggilan kaliyan Dawud nadyan boten dados raja, tinimbang dados raja lan gesang mukti (berkuasa) nanging memengsahan kaliyan tiyang sanes.
Sikapipun Yonathan menika dados tuladha ingkang sae tumrap kita. Sampun ngantos kita nengenaken kamukten. Sampun ngantos kita selaku tiyang Kristen lila ngurbanaken pasedherekan lan karukunan kaliyan tiyang sanes dhemi kamukten. Awit katentremen ingkang sejatos dumunung wonten ing pasedherekan ingkang rukun ing salebeting katresnan, boten mapan ing kamukten. [ST]
“Gusti, Paduka mukti wibawa, nanging Paduka ngrukunaken sadaya tiyang. Sembahnuwun, Gusti!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar