Waosan : 2 Para Raja 5 : 1 – 14
Pamuji : KPK 143
Nats : “Ing kono panjenengane tumuli mandhap lan slulup kaping pitu ana ing bengawan Yarden netepi ature abdining Allah mau, wasana sarirane banjur pulih maneh kaya awake bocah cilik, sarta wus dadi resik.” [ayat 14]
Saben tiyang sepuh temtu nggadhah pengajeng-ajeng anakipun dados anak ingkang manut lan bekti dhateng tiyang sepuh tuwin Gusti Allah. Ingkang menika perlu patuladhan gesang ingkang leres saking tiyang sepuh. Tuladha ingkang sae mboten namung wonten pangucap nanging ugi tumindak. Anak ingkang purun mirengaken lan manut dhawuhipun Gusti Allah lumantar tiyang sepuh, temtu badhe pinaringan kawilujengan.
Naaman panggedhening wadya-bala Aram nandhang sakit kusta. Nalika semanten panjenenganipun mireng pawarta saking setunggaling bocah estri Israel ingkang dados tawanan bilih wonten nabi ing Israel ingkang saged nyarasaken sakitipun. Pramila Naaman enggal tindak dhateng Israel saperlu madosi nabi menika nyuwun kasarasan. Sarawuhipun ing ngajeng dalemipun Elisa, Elisa namung mekas dhateng abdinipun ingkang isinipun Naaman kaaturan siram kaping pitu wonten bengawan Yarden. Nalika mireng bab menika Naaman duka manahipun karana mboten saged pepanggihan sacara langsung kaliyan Elisa. Naaman rumaos bilih Elisa mboten kersa nyarasaken piyambakipun. Ing tengahing margi punggawanipun ngengetaken Naaman supados manut dhateng dhawuhipun Elisa. Wusana Naaman manut lan pulih malih saking sakitipun sasampunipun nindakaken dhawuhipun nabi Elisa.
Pancen mboten gampil nindakaken menapa ingkang dados karsanipun Gusti. Asring wonten tiyang ingkang mboten manut dhateng karsanipun Gusti. Nadyan sampun pitados dhateng Gusti, nanging karsanipun Gusti menika mboten dipun lampahi. Kesaksian Naaman saged dados kakiyatan kangge kita. Naaman sanes tiyang Israel ingkang pitados dhateng Gusti Allah. Nanging panjenenganipun kersa nindakaken karsanipun Gusti Allah ingkang dipun dhawuhaken nabi Elisa. Srana kapitadosan lan nindakaken menapa ingkang dados karsanipun Gusti, Naaman pulih saking sakit kusta. Kita ugi menawi manut dhateng karsanipun Gusti mesthi nggih pinaringan kanugrahanipun.[AR]
“Pambangun turut dhumateng karsanipun Gusti dados marganing kanugrahan.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar