Jumat, 14 Maret 2014

Kowe Mesti Bisa



Waosan: Matius 5 : 20 – 26
Pamuji : KPK 145 : 1, 2
Nats : “Mulane pituturKu marang kowe: Manawa kasampurnanmu ora ngungkuli kabeneraning para ngulama lan para wong Farisi, kowe mesthi ora bakal lumebu ing kratoning Swarga.” [ayat 20]
Wonten motto iklan minuman berenergi “Kamu bisa”. Menika salah satunggaling cara menarik minat tiyang tumbas, bilih kanthi ngunjuk menika ndadosaken tiyang nggadhahi tenaga/ kekiyatan kangge ngrampungaken pedamelan menapa kemawon. Ingkang swaunipun nglokro lan lemes, menawi ngunjuk omben menika langsung greng, ateges semangat malih.
Budaya instan (sarwi cepet) ing jaman samangke ugi lumebet dhateng gesanging tiyang pitados. Tiyang namung pados gampilipun yen ngadhepi menapa kemawon ing gesanginpun, sae wonten ing pedamelan, ngadhepi perkawis-perkawis, lan sanesipun. Tiyang kepingin “pokoke cepet rampung, pokoke murah ragate”, lan sapiturutipun. Kanthi budaya instan ndadoskan manungsa menika ringkih ing manah utawi ugi ringkih wonten ing kapitadosan. Menawi ngadhepi reridu/ rintangan wonten ing gesangnipun lajeng gampil lungrah, nglokro, mboten madosi Gusti lan mboten nyuwun pitulunganipun Gusti. Nanging ngendelaken pamikiring manungsa ingkang sarwa winates. Pramila kathah fenomena kados dene Ponari, dukun tiban, lan sanes-sanesipun.
Ing waosan kita Gusti Yesus paring pangemut-emut dhateng tiyang pitados, bilih menawi kasampurnan kita mboten nglangkungi para ngulama lan tiyang Farisi, kita mesti bakal mboten lumebet wonten ing Kratoning Swarga (ayat 20). Tegesipun ndherek Gusti mboten gampil namung pitados kemawon, nanging kedah nglampahi karsanipun Gusti kanthi tumemen wonten ing gesang padintenan. Bilih ngadhepi reridu wonten ing gesang kita, malah ndadosaken semangat anggen kita ngadhepi gesang kita ndherek ngetut wingking dhateng Gusti. Sampun ngantos ndamel kita nglokro, lemes, ananging malah madosi Gusti Yesus supados Gusti paring pitulungan dhateng kita. Sampun namung pados gampilipun kanthi pados pitulungan saking dukun, ngandelaken pamikir kita. Sesarengan kaliyan Gusti Yesus sedaya perkawis dados entheng awit Gusti mesthi paring pitungan. Kamu pasti bisa menawi kita tansah sesarengan lan pitados dhateng Gusti kita Yesus Kristus. [Sy]
“Yen kita yakin bisa, mesthi ya bisa.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar