Selasa, 18 Maret 2014

Munafik ?



Waosan : Mateus 23 : 1 – 13
Pamuji : KPK 43 : 1, 2, 3
Nats : “Sakehe tumindake mau mung murih katona ing wong” [ayat 5a]

Para ahli Toret lan tiyang Farisi nggadhahi pemanggih bilih ngetrapaken prenataning agami menika penting. Problem (prakawis) timbul rikala para pemimpin agami Yahudi menika:
-   Mapanaken prenatanipun manungsa dados sami kadosdene angger-anggeripun Allah piyambak.
-   Mrentah umat supados setya nindakaken prenatan agami, ananging  dhirinipun piyambak mboten nindakaken.
-   Manut prenatan agami mboten kangge kaluhuran lan kamulyanipun Allah,  nanging supados dhirinipun ketingal sae.
Cap menapa ingkang pantes kangge para tiyang ingkang mekaten, rak mboten lepat yen dipun sebut munafik (lamis)?

Maneka warni asesoris (perhiasan): tali sembahyang, gombyok ing jubah, lenggah ing papan ingkang kajen, ing kursi ngajeng piyambak, remen dipun urmati, lsp rak namung murih ketingal sae lan agamis ing njawi kemawon. Emanipun, sedaya kalawau kaanggep langkung penting katimbang isi lan praktek (patraping) gesang ingkang utami.
Para pemimpin agami Yahudi menika paham Kitab Suci nanging mboten gesang ing salebetipun. Mekaten ugi taksih wonten tiyang pitados ingkang sumerep Kitab Suci nanging mboten mapanaken Kitab Suci supados ngowahi gesangipun. Kathah tiyang ngucap “aku iki kagungane Gusti Yesus”, nanging mboten gesang adhedhasar katresnanipun Gusti Yesus. Tata cara gesang ingkang mekaten punika kasebut munafik. Kita perlu terus sinau bilih tandang-damel kita menika cocok kaliyan isining iman.
Sikap munafik menika mbebayani kangge sok sintena kemawon ingkang dados pemimpin, sae pemimpin brayat, masyarakat, mekaten ugi pemimpin pasamuwan. Sikap munafik menika badhe nuwuhaken pemimpin ingkang ngladosi dhirinipun piyambak katimbang ngladosi sesaminipun.
Pramila Gusti Yesus paring piwulang bilih kaluhuraning gesang menika kacihna yen purun lelados. Nyawisaken dhirinipun kangge mitulungi sesami lan mandheg fokus (mandeng) sarta nggatosaken dhirinipun pribadi. Gusti Yesus rawuh kangge ngladosi (Markus 10:45). Amin. [Esha]
“Mugi manah kula kaenggalna, mituhu Paduka, Gusti!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar