Rabu, 12 Maret 2014

Wisatawan Bencana



Waosan : Lukas 11 : 29 – 32
Pamuji : KPK 99 : 1, 3
Nats: “Nalika isih dirubung déning wong akèh, Gusti Yésus ngandika: “Wong-wong iki dhasar wong ala. Saiki padha nyuwun pretandha mujijat, nanging ora bakal padha kaparingan, kejaba mung pretandhané Nabi Yunus.” [ayat 29]
Kita asring ningali yen wonten kacilakan ing margi, utawi wonten bencana alam ing papan panggenan sanes. Tamtu badhe wonten kathah tiyang ingkang ngempal wonten ngriku. Malah rikala kedadosan bencana lindhu ageng tahun 2006, sak margi-margi ingkang tumuju Bantul-Jogjakarta dados macet total awit kathahipun tiyang ingkang badhe mangertosi kawontenanipun Jogja – Bantul. Ingkang ndadosaken kawigatosan kula rikala semanten wonten salah setunggaling panggenan wonten seratan “Maaf Wisatawan Bencana Dilarang Masuk”. Seratan menika dipun damel amargi kathah tiyang ingkang mboten sabiyantu limrahipun situasi bencana alam, nanging namung pados crita bab kawontenanipun lokasi.
Semanten ugi Gusti Yesus duka saestu rikalanipun kathah tiyang ngempal mboten sedya pados pawartos gesang rahayu, nanging namung kepingin nguningani pratanda mukjizat saking Gusti Yesus kangge nutukaken raos kemareman manahipun piyambak. Pramila anggenipun duka ngantos dhawah pangandikanipun bilih tiyang-tiyang menika dhasar saking generasi ingkang ala.
Waosan dinten menika ngemutaken dhateng kita supados nggadhahi iman kapitadosan kanthi dhedhasar mbangun turut ndherek kersanipun Gusti. Perkawis mukjijat, swarga, naraka lan perkawis sanesipun menika wenang lan hakipun Gusti Allah. Mboten leres manawi iman kapitadosanipun tiyang saged ageng manawi sampun nampi kathah pratanda lan mukjijat saking Gusti Yesus. Boten kedah ngaten nglampahi iman ingkang heroic lan eram supados iman kita sae. Nanging namung cekap pitados dhateng margi tentrem rahayu saking Gusti Yesus. Dene perkawis sanesipun borong sumarah kersaniPun Gusti piyambak. [masto]
“Iman marang Gusti Yesus esthi ora golek senenge dhewe”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar