Jumat, 16 Mei 2014

Anak Manja



Bacaan: Para Rasul 13: 26-33  
Pujian:
KPK 86: 1, 3
Nats :
Punapa dene senadyan mboten manggih bab-bab ingkang njalari kaukum pejah, ewasemanten sami nyuwun sedanipun dhateng Sang Pilatus” (ay. 28)

Perkawis ingkang asring dipun cariyosaken dening tiyang sepuh dhateng para anak inggih punika babagan perjuangan tiyang sepuh nalika taksih enem. Kados pundi anggenipun ketekuk ringkel nyambut damel, anggenipun kadhidhik kanthi keras kaliyan tiyang sepuh ngantos sapunika saged ngraosaken sukses. Sejarah punika kacariyosaken dhateng anak putu mboten karana pingin sesumbar lan nyombongaken dhiri. Ananging tamtu kanthi tujuan sae, supados anak putu saged nyonto perjuangan tiyang sepuhipun lan ugi saged langkung sukses.
Ing satunggaling kesempatan, Rasul Paulus dipun paringi wekdal murih puruna mbabaraken dhawuh pangandikanipun Gusti. Wewengan punika dipun agem dening Rasul Paulus kanthi sae. Panjenganipun nerangaken saking wiwitan mila Bangsa Israel kapiji dening Gusti ngantos pakaryanipun ing Gusti Yesus Kristus. Pawartos punika kababaraken murih para pandherekipun mangertos rekaosing milujengaken manungsa dosa. Gusti Yesus lan ugi para Rasul ngiring manungsa ing kawilujengan kanthi toh nyawa.
Jaman sapunika, manungsa langkung remen mireng lan maos punapa ingkang pingin dipun pirengaken kemawon, contonipun: kados pundi Gusti paring pangluwaran, kasarasan, berkah, menang. “Sing apik-apik thok!” Dados mental ingkang kabangun inggih punika mental nyadhong/ nyuwun, mental anak manja. Menawi mboten pikantuk lajeng mboten pitados lan wanuh malih kaliyan Gusti. Menawi tinempuh ing prahara lajeng nglokro lan semplah.
Gusti ngersakaken kita umatipun tetepa berjuang martosaken kabar kawilujengan lan njagi imanipun wonten ing sedaya kahananing gesang. Menawi kita katempuh ing prahara, sumangga kita ngemut-emut kasangsaranipun Gusti Yesus lan ugi Para Rasul anggenipun mbabaraken Injil. Mesti punapa ingkang kita alami mboten wonten sapucuking kukunipun. Mugi enggala gumregah malih, anggen kita berjuang ing pigesangan. [PKS]
“Aja dadi anak manja kang nyadhong wae, ananging dadia anak manja kang ora isa adoh saka Ramane!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar