Rabu, 14 Mei 2014

Ora Gelem Peteng



Waosan: Yokanan  12 : 44 – 50  
Pamuji: KPK  178 : 1, 2
Nats : Aku wus teka ing jagad dadi pepadhang, supaya sok wonga kang pracaya marang Aku, aja tetep ana ing pepeteng.” (ay. 46)

“Aduh peteng maneh, piye iki?”, punika gunemipun salah setunggaling ibu nalika lampu listrik mati. Pemadaman listrik ingkang sedinten saged ngantos ping tiga, asring ndadosaken masyarakat gela. Para anak ingkang wancinipun sinau boten saged sinau kanthi tenang. Warga pasamuwan ingkang ngabekti ing dinten minggu rumaos kaganggu karana listrik mati ing satengah-tengahing pangabekti. Mekaten ugi tumrap pabrik-pabrik -ingkang ngginakaken listrik kangge operasional saben dintenipun- rumaos rugi kathah bilih wonten pemadaman.
Padhang punika dados kabetahaning manungsa lan makluk sanesipun. Gusti Allah nalika nitahaken langit kaliyan bumi dalah saisinipun, nitahaken padhang ing dinten kapisan. Gusti Yesus rawuh ing jagad saperlu dados pepadhanging jagad. Kados nats ing waosan kita, “Aku wus teka ing jagad dadi pepadhang, supaya sok wonga kang pracaya marang Aku, aja tetep ana ing pepeteng.” Ayat punika dados gambaran kangge kita, bilih gesang ndherek Gusti Yesus kedah nindakaken gesang ingkang padhang. Inggih punika mbangun turut karsanipun Gusti, setya ngabekti dhateng Gusti, sarta nresnani dhateng sesamining agesang. Gusti Yesus nimbali kita supados nilar gesang ingkang peteng lan gesang ing pepadhang. Ateges kita kedah mratobat, ngakeni sakathahing dosa lan kalepatan kita dhateng Gusti lan nindakaken karsanipun Gusti.
“Ora gelem peteng”, punika kinten-kinten wangsulan kita bilih dipun dangu ”Menapa purun gesang ing pepeteng?” Tembung punika nedahaken bilih salampahing gesang, kita mbetahaken pepadhang. Gusti Yesus punika pepadhanging gesang kita. Iman pitados dhateng Gusti Yesus ndadosaken kita gesang ing pepadhang. Gusti sampun janji dhateng sinten kemawon ingkang pitados dhumateng Panjenenganipun kaparingan kawilujengan lan gesang langgeng. Pramila mangga kita nggadhahi tekad nilar sedaya tumindak gesang ingkang pepeteng. Kita mandeng Gusti Yesus sumbering pepadhang. Kita nindakaken patraping gesang ingkang padhang sinarengan kaliyan Gusti Yesus. (AR).
“Pepeteng ngarah ing karusakan, pepadhang ngarah ing karahayon”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar