Selasa, 20 Mei 2014

Mengani Lawanging Pracaya



Waosan : Para Rasul 14 : 21-28   
Pujian :
KPK 326:1.3
Nats
: “… padha dicariyosi … bab anggone Gusti Allah wus mengani lawanging pracaya marang bangsa-bangsa liya” (ay. 27)

Menawi wonten tiyang ingkang nembe sepisan mlebet salah satunggaling griya ingkang kathah korinipun, lajeng kepengin medal saking griya menika, mesthi bingung; badhe medal nanging malah mlebet malih, malah mlebet kamar, lsp. Ing kawontenan kados mekaten menika, kita mbetahaken priyantun ingkang nedahaken kori ingkang kedah kita lewati, utawi mbetahaken priyantun ingkang mengani kori dhateng kita.
Inggih mekaten kawontenaning gesang ing jagad menika, tiyang asring bingung, kecalan arah. Kepengin medal saking jagad ingkang kebak dosa, duraka lan cilaka, ananging mboten sumerep korinipun, karana kathahing kori ingkang wonten. Tiyang kedah milih kori ingkang pundi ingkang kedah kita lewati. Badhe medal malah mlebet malih, bade medal mboten saged amargi korinipun katutup, marginipun buntu.
Dawuh ing ayat 27, Gusti Allah ingkang mengani lawanging pracaya dhateng bangsa-bangsa sanes. Kita mboten sumerep kori ingkang kedah kita lebeti. Nadyan tata lair kita saged ningali, sejatosipun tata karohanen kita saged kados tiyang ingkang wuta, grayah-grayah madosi kori. Awit saking sih katresnan lan sih rahmatipun, Gusti Allah kersa mengani korining kapitadosan dhateng kita. Lumantar Rasul Paulus lan Barnabas, Gusti makarya mengani kori dhateng para bangsa, matemah kathah sanget tiyang sami mratobat lan manjing pitados, dados para siswanipun Gusti. Kathah tiyang ingkang dipun santosakaken manahipun. Kaparingan pitungkas bilih dados para siswanipun Gusti, lumebet dhateng Kratonipun Allah, kedah wantun ngalami sangsara.
Kita mesthi tansah saos sokur, dene kita sampun kawenganan korining pitados, korining sih rahmat, kita kepareng manjing pitados lan kawilujengaken. Pramila kita ugi katimbalan dados pirantos ing astanipun Allah, kadosdene Paulus lan Barnabas, mengani kori kangge tiyang-tiyang sanesipun, supados kathah ugi tiyang ingkang sami nampeni sih rahmatipun Gusti lan kawilujengaken. Amin. (SS)
“Gusti, kasagedna kawula mengani korining pitados tumrap tiyang sanes!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar