Senin, 12 Mei 2014

Kaparingan Sami



Waosan: Para Rasul 11:1-18   
Pamuji:
KPK 31
Nats :
“Srana mekaten cetha, bilih Gusti Allah piyambak sampun maringaken dhateng tiyang-tiyang sanès Yahudi, peparing ingkang sami kaliyan ingkang kita tampi, nalika kita pitados dhateng Gusti Yésus Kristus…” (ay.17a)
Sawetawis tahun kepengker Majelis Agung ngedalaken iber-iber ingkang suraosipun ngemutaken supados menghentikan pengiriman TKI/TKW dhateng luar negeri. Wartos menika estu ndadosaken pirembagan ing maneka warni parepatan, utaminipun ing tlatah kanthong-kanthong TKI/TKW. Kepara malah protes supados himbauan menika dipun tinjau malih.
Pancen taksih kathah sanget dhaerah Kristen ingkang dados kanthong-kanthong para TKI. Artosipun taksih kathah tiyang Kristen ingkang gesangipun kesrakat lan miskin. Kamangka kathah sanget tiyang ingkang mboten Kristen nanging gesangipun mbrewu/ sugih mblegedhu. Lajeng pitakenanipun, kenging menapa Gusti Yesus kok negakaken brayat Kristen nandhang kemlaratan? Miturut Teologi sukses, bilih sok sinten kemawon ingkang ndherek Gusti mesthi badhe kaparingan kesuksesan ingkang ngedab-edabi, badhe dipun luberaken sedaya rejeki saking langit.
Waosan dinten menika ngemutaken bilih Gusti Allah maringi dhateng sedaya titah manungsa menika sami. Mboten tiyang Kristen kemawon ingkang dipun paringi kanugrahan sukses, nanging sedaya tiyang kaparingan sami. Lajeng kadospundi lenggahipun Gusti Yesus ing perkawis menika. Gusti Yesus mboten badhe ndadosaken kita tiyang ingkang sugih, ingkang mesti sukses, lan uwal saking pacoban awrat. Naging kita badhe dipun kiyataken anggen kita gesang, sinaosa medal margi awrat menika, sae menapa mboten kawontenanipun.
Kita kedah kiyat anggen kita manggul salib sinaosa awrat kadosa pundi kemawon. Mila mboten perlu kita nyuwun supados dipun alitaken salib kita, utawi supados kapotong salib kita. Nanging kita nyuwun supados dipun kiyataken anggen kita manggul salib. (masto)
“Mangga kita manggul salib kita piyambak-piyambak, awit Gusti Yesus maringi kekiyatan.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar