Kamis, 08 Mei 2014

Ndeleng Allah



Waosan : Yokanan 6 : 44 – 51  
Pamuji  :
KPK 158 : 1, 2
Nats
: “Kang mangkono iku ora ateges ana wong kang wus weruh marang Sang Rama. Mung kang pinangkane saka ing Allah iku kang ndeleng sang Rama.” (ay. 46)

Ingkang katitahaken mesthinipun mboten saged mirsani ingkang nitahaken. Conto kemawon manungsa ingkang damel sepeda motor, mesthinipun sepeda motor mboten tepang manungsa tapi manungsa tepang sanget kaliyan sepeda motor ingkang dipun damel kalawau.
Semanten ugi tamtunipun manungsa mboten saged tepang kaliyan ingkang nitahahaken, inggih menika Gusti Allah. Menawi manungsa saged mangertos Gusti Allah, menika amargi Gusti Allah ingkang nepangaken dhiri dhateng manungsa. Menika rupinipun ingkang ndadosaken para tiyang Yahudi pating kedumel. Nanging Gusti Yesus mboten paring wangsulan langsung pitakenan menika. Gusti Yesus ngarahaken dhateng pangertosan bilih wonten sesambetan ingkang raket antawisipun kersanipun kaliyan karsanipun Allah Rama. Pancen ketingalipun mboten tinemu nalar, awit kangge nampeni pangertosan menika mbetahaken pangertosan rohani. Keyakinan rohani ingkang kados mekaten saged dados pengajeng-ajeng lan dipun tambahi wiwit jamanipun para nabi.
Namung Gusti Yesus ingkang pinangkanipun saking Allah ingkang sampun mirsani Gusti Allah Sang Rama. Para tiyang sanes kedah saged nampeni paseksi ingkang dipun asta Gusti Yesus. Gusti Yesus menika roti panguripan. Kaunggulanipun roti ingkang tumurun saking swarga menika kaliyan roti manna ing ara-ara samun jamanipun Israel, ketingal saking asilipun. Roti panguripan saged tumuju dhateng gesang langgeng, roti manna gagal dados pepalangipun pati.
Saking andharan ing ngajeng cetha bilih manungsa mboten tepang kaliyan Gusti Allah, menawi Gusti Allah mboten nepangaken dhiri dhateng manungsa. Tepangipun manungsa dhumateng Gusti Allah Sang Rama, lumantar Sang Putra ingkang dados roti pigesangan. Manungsa saged nampeni gesang langgeng srana pitados dhumateng Gusti Yesus. Puji sokur dene kita dados kagunganipun Gusti Yesus ingkang pinangkanipun saking Allah. Srana mekaten kita ndeleng Gusti Allah. [Bpur]
“Delengen Allah ing Sang Kristus kang madha rupa karo wong asor!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar