Senin, 26 Mei 2014

Disengiti



Waosan : Yohanes 15: 25-16: 4a   
Pamuji :
KPK 71: 1, 2.
Nats :
Tiyang-tiyang menika sami sengit dhateng Kawula tanpa sebab.’ (Ayat 25b)

Wonten satunggaling tiyang Kristen ingkang dados pejabat pamarentah ingkang mbudidaya dados seksinipun Gusti srana nindakaken kesaenan kagem masyarakat lan nata tata tertibing masyarakat. Kathah tiyang ingkang sami remen dhateng pambudidaya lan tumindakipun. Nanging ugi mboten sekedhik ingkang mboten remen lan malah sengit dhateng piyambakipun, karana piyambakipun kasumurupan minangka tiyang Kristen.
Pancen mekaten ingkang sampun dipun dhawuhaken dening Gusti dhateng para pendherekipun. Gusti Yesus menika pancen elok. Umumipun pemimpin menika namung ngandika bilih tiyang ingkang milih panjenenganipun badhe ngalami gesang sekeca kemawon. Nanging Gusti Yesus malah maringi pirsa bilih tiyang ingkang ndherek Panjenenganipun badhe dipun sengiti tiyang sanes, ngalami sangsara, malah ngantos dipun pejahi.
Menika nedahaken anggenipun Gusti Yesus blaka suta dhateng para pendherekipun, mboten ngapusi supados kathah tiyang sami ndherek Panjenenganipun. Kalayan mekaten menawi para pendherekipun menika saestu dipun sengiti dening tiyang sanes, mboten wonten alesan rumaos kuciwa lan nutuh (protes) dhateng Gusti Yesus. Yen pancen mboten purun nandhang sangsara amargi ndherek Gusti Yesus, nggih mboten sisah ndherek Panjenenganipun.
Ewasamanten, Gusti Yesus janji badhe paring panglipur, piwucal kakiyatan lumantar pakaryaning Roh Sucinipun. Srana pakaryaning Sang Roh Suci para pendherekipun Gusti Yesus badhe tanggon, kiyat nandhang kasangsaran. Nadyan nandhang sangsara tetep mantep ndherek ngetut wingking sarta lelados dhumateng Gusti Yesus. Nadyan mekatena, dipun sengiti tiyang sanes lan nandhang sangsara menika sanes tujuan utawi pepesthen tumraping pendherekipun Gusti; menika resiko ingkang kedah dipun sanggi.
Lah watak tanggon, kiyat lan mboten gampil semplah nandhang kasangsaran menika ingkang dados paseksi kita dhateng tiyang sanes. Swawi disantosa manah, batos lan iman kita! [ST]
“Dhuh Roh Suci, mugi paring kekiyatan anggen kawula nandhang sangsara dipun sengiti tiyang sanes!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar