Jumat, 02 Mei 2014

Kabeh Wong Apa Bisa Mangan?



Waosan: Yokanan 6:1-11
Pamuji KPK no. 78:1,2.
Nats : “Ana ing ngendi enggone bisa tuku pangan, kanggo wong kabeh iki?” (ayat 5b).

‘Kabeh wong apa bisa mangan?’ dados pitakenan penting sebab gegayutan kaliyan masalah lan ‘solusi kemanusiaan’. Pitakenan menika ngemu teges, kados-kados bumi menika mboten nyawisaken tedhan ingkang cekap kangge sedaya umat manungsa lan mbetahaken biaya ingkang ageng. Pitakenan menika isi timbalan lan tugas adi kangge kita, pramila kita perlu njawab sarta ngemban tanggel-jawabipun. Menawi namung adhedhasar kekiyatan kita manungsa, pancen mokal badhe saged nyawisi tedhan kangge sedaya titah. Nanging yen sesarengan kaliyan Gusti Yesus, menapa ingkang mokal badhe saged kaleksanan. Pramila senadyan tugas lan tanggel-jawab menika ageng lan mokal, mboten perlu kita tampik, sebab Panjenenganipun kagungan panguwaos nindakaken keajaiban lan nyawisaken sumber-sumber kacekapanipun.
Para muridipun Gusti Yesus rumaos bilih gadhahanipun mboten cekap kangge tiyang 5000, pramila mboten ngaturaken menapa-menapa minangka solusinipun. Kosokwangsulipun, satunggaling lare ngaturaken sekedhik saking gadhahanipun, inggih menika roti gangsal lan ulam kalih, lan perkawis menika ndadosaken sedayanipun ewah. Yen kita mboten misungsungaken menapa-menapa kagem Allah, Panjenenganipun mboten badhe ngginakaken menapa-menapa. Panjenenganipun kersa nampi, senadyan sekedhik saking gadhahan kita, lan badhe ngowahi sedayanipun dados bab ingkang endah lan ngedab-edabi! Gusti Yesus nindakaken pakaryan lan mukjijatipun ugi lumantar manungsa, para murid, lan ugi kita ing jaman samangke. Umur mboten dados soal kagem Panjenenganipun.
Wonten piwulang sae bab turahan roti lan ulam, inggih menika Gusti Allah maringi kanthi luber. Panjenenganipun kersa nampi menapa kemawon ingkang kita aturaken: wekdal, ketrampilan, lan sedaya talenta, sarta Panjenenganipun badhe ndadosaken tikel-tekuk sacara efektif dados luber. Menawi kita netepi timbalanipun, Gusti Allah badhe nedahaken dhateng kita, sepinten ageng lan paedahipun kita dados pirantos kangge kemajenganing pakaryan Kratonipun. Amin. (Esha).
“Lakonana apa sing bisa kok lakoni, sarta nyuwuna supaya Panjenengane sing nyampurnakake!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar