“ Nanging yen Sang Juru Panglipur iku rawuh, iya iku Rohing Kayekten, iku bakal nuntun kowe marang kayekten sasampurnane.” (ay. 13)
Tuntunan kangge manungsa menika saestu kabetahaken. Wiwit alit manungsa dipun wulang saking para sepuh, inggih supados nampeni tuntunan. Salajengipun dipun sekolahaken inggih supados nampeni tuntunan ingkang gumathok. Menapa malih bab rohani, ingkang pangertosanipun langkung lebet lan njlimet, mesthinipun kabetahaken panuntun temah gesanging manungsa tumuju dhateng kayekten.
Sejatosipun taksih kathah perkawis ingkang badhe kaandharaken Gusti Yesus dhateng para sekabat, nanging dereng saged kagayuh. Sang Roh ingkang badhe njangkepi pakaryan menika. “Rohing kayekten iku bakal nuntun kowe marang kayekten sasampurnane.” Sang Roh ingkang nuntun menika ingkang dados pratandha pribadinipun sang Roh. Ingkang dipun tuntun ugi sami kaliyan tabiyatipun piyambak, inggih menika ingkang tumuju dhateng kayekten.
Awit wohing sang Roh menika mesthi sae, kadosdene: “katresnan, kabungahan, tentrem rahayu, sabar sareh, paramarta, kabecikan, setya, alus ing bebuden, bisa ngemudheni dhiri.” Saking woh ingkang kados mekaten tamtu mboten ragu menawi dipun tuntun dening Sang Roh ingkang asalipun saking Allah. Lan ing wegdal Sang Putra sampun mboten wonten ing jagad, sang Roh menika ingkang nuntun manungsa dhateng gesang ing kayekten.
Paramila kita ingkang gesang wonten ing panguwaosipun Sang Roh, nyawisna manah kangge cumondhokipun Sang Roh wonten ing gesang kita. Awit inggih karana Sang Roh ingkang nganthi, gesanging manungsa saged setya tuhu pitados ing ngarsanipun Gusti. Anjawi saking menika Sang Roh ingkang pancen sampun rawuh ing jagad, wiwit jamanipun para Rasul ugi ingkang kagungan panguwaos ingkang ngedab-edabi. Ingkang menika, sepisan, kita perlu nyawisaken manah ingkang prasaja, blaka, tinarbuka lan andhap asor, matemah Sang Roh kersa lumebet ing gesang kita. Kaping kalih, kita manut ing panuntuning Sang Roh matemah gesang kita lumampah ing kayekten, tinebihna saking piawon. [Bpur]
“Sang Roh Suci, mugi tansah rawuh ing ati!”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar