Jumat, 30 Mei 2014

Pinanggih Gusti Yesus



Waosan: Yohanes 16: 21-23    |   Pamuji: KPK 145
“…Aku bakal nemoni kowé menèh, atimu bakal bungah, lan ora ana wong siji waé, sing bisa ngrebut kabungahan kuwi saka ing atimu.” (ayat 22)
Pak Kancil bara (merantau) ing papan ingkang tebih saking garwanipun. Lajeng Pak Kancil dhawah sakit bentèr. Sareng dipun purugi dening garwanipun ingkang dipun tresnani lan nresnani piyambakipun, Pak Kancil sanalika dados saras. Kekalihipun ingkang sampun kapang (kangen) rumaos bingah sanget saged pepanggihan.
Gusti Yesus mangertos bilih para pendherekipun sami tresna sanget dhumateng Panjenenganipun sarta mbetahaken sanget katresnanipun. Mekaten ugi swalikipun, para pendherekipun ugi mangertos lan yakin bilih Gusti Yesus nresnani sanget sedaya pendherekipun. Tamtu Gusti Yesus ugi mangertos bilih pepanggihan antawisipun Gusti Yesus kaliyan para pendherekipun saged nuwuhaken kabingahan ageng ing manahipun para pendherek. Pramila saking menika Gusti Yesus janji badhe manggihi malih para muridipun menika nalika para murid sami nandhang kasisahan karana sedanipun Gusti Yesus.
Janji menika nedahaken kepedulian lan katresnanipun Gusti Yesus dhateng sedaya pendherekipun ingkang saweg nandhang kasisahan. Janjinipun menika ugi kaparingaken dhateng kita, langkung-langkung menawi kita saweg nandhang kasisahan. Gusti Yesus mesthi manggihi kita arsa paring panglipur lan kakiyatan dhateng kita. Namung pitakenanipun, menapa kita ugi manggihi Panjenenganipun? Tamtunipun kita ndedonga. Nanging ing salebeting pandonga menika menapa kita saestu pinganggih kaliyan Gusti Yesus? Menapa pinanggih sanesipun?
Supados kita saestu pinanggih kaliyan Gusti Yesus, sepisan, kita kedah ngeningaken manah kita saderengipun ngucapaken pandonga kita. Kalih, kita fokus (ngeneraken angen-angen kita) dhateng Gusti, sanes dhateng panandhang kita. Tiga, maos Kitab Suci (lan ugi Pancaran Air Hidup menika) rumiyin. Sekawan, tetep konsentrasi matur kanthi blaka dhumateng Gusti. Srana mekaten manah kita ayem tentrem lan bingah, nadyan kedah nanggel sesanggening gesang ingkang mboten ènthèng. [ST]
“Pepanggihan kaliyan Gusti nuwuhaken katentreman lan kabingahan.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar