Senin, 02 Juni 2014

Kiyat Ngadephi Panganiaya



Waosan: Yokanan 16 : 29 – 33   |   Pamuji : KPK  154 : 1, 2
“Ana ing donya kowe padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahake donya.”(ay. 33b)
Tiyang Kristen asring ngadhepi pangancam, tekanan ugi panganiaya. Contonipun nalika kita badhe mbangun greja, kathah pihak ingkang boten setuju. Wonten ingkang ngancam bilih greja punika ngadeg badhe dipun rubuhaken. Wonten malih Pendhita ingkang dipun sedani karana martosaken Injil. Sedaya punika dados gambaran bilih ndherek Gusti Yesus asring ngalami kasangsaran lan panganiaya. Para pendherekipun Gusti Yesus ingkang wiwitan tansah ngalami panganiaya saking panguwasa Romawi wekdal semanten. Senajan mekaten cacahing para panderekipun Gusti Yesus boten suda nanging malah saya kathah.
Ing waosan kita dinten punika, Gusti Yesus mangertos bilih gesangipun ing alam donya punika kantun sekedhap. Mila saking ngriku Gusti Yesus ngengetaken lan ngiyataken manahipun para sakabat. Para sakabat dipun paringi pangertosan bilih badhe ngalami kasisahan karana sedanipun Gusti; nanging wungunipun Gusti ndadosaken kabingahan. Para sakabat badhe nandhang kasangsaran dan panganiaya ing donya. Senajan mekaten para sakabat kedah tatag ing manah saha setya dhateng Gusti. Kasangsaran lan panganiaya ingkang dipun sanggi ing donya punika namung sawetawis wekdal. Karana punika para sakabat kedah kiyat ngadhepi bab punika.
Tamtu kemawon boten wonten tiyang ingkang kepengin gesangipun sangsara. Sedaya tiyang kepengin gesangipun mulya, tanpa nyanggi reribet lan kasangsaran punapa malih panganiaya. Ing wekdal punika, kita dipun engetaken bilih ndherek Gusti Yesus boten namung enak lan kepenak kemawon, nanging ugi purun nandhang kasangsaran. Kita kedah wantun ngadhepi reribet, pangancam lan panganiaya karana asmanipun Gusti. Gusti Yesus boten badhe nilar kita. Sedaya kasisahan ing donya punika kedah ndadosaken kita saya celak kaliyan Gusti. Panganiaya ingkang kita sanggi ndadosaken kita kiyat ngalami pigesangan. Pramila swawi kita pasrahaken lampahing gesang kita ing astanipun Gusti. Kita nyuwun kakiyatan lan kawicaksanan ngalami gesang punika. (AR)
“Kasangsaran lan panganiaya ing donya ndadosaken kita rumaket kaliyan Gusti”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar