Selasa, 10 Juni 2014

Mata Lirune Mata ≠ Mata Lirune Katresnan



Bacaan: Mateus 5: 43-48    |   Pujian: KPK 165:1, 5
“…Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowe padha dongakna slamet.” (ay. 44)
Pundi ingkang gampil dipun lampahi dening manungsa, tresna dhateng sesami lan sengit dhateng mengsah kita, utawi tresna dhateng sesami kalebet mengsah kita lan ndongakaken tetiyang ingkang nganiaya kita?
Sengit dhateng mengsah tanpa kasuwun perkawis punika gampil kalampahan. Sinten ingkang mboten muring menawi kasaenan kita kawales kanthi tumindak awon. Sinten ingkang mboten panas ati menawi mireng pawartos ingkang mboten saleresipun. Muring, panas ati, kados dene tombol otomatis, punika mesthi gampil karaosaken.
Limrahipun manungsa nggadhahi pemanggih menawi kita kaaniaya, mengsah kita ugi kedah ngraosaken perkawis ingkang sami, sokur-sokur saged langkung awrat. Pas mbokmenawi paugeran lami mata lirune (gantine) mata, abuh lirune abuh, utawi mata gantine mata, tangan, sikil, “saawak kabeh ben kapok.”
Sumangga kita galih saestu paugeran enggal ingkang kasuwun kalampahan ing gesang kita, ngengingi mengsah kita. Menawi kita nggadhahi pamikiran males alaning liyan kaliyan tumindak awon, mesthi mboten badhe wonten telasipun. Malah masalahipun saya tambah ageng awit wonten pihak-pihak ingkang mbelani satunggal lan satunggalipun.
Menawi estu kita nindakaken sekedhik mbaka sekedhik paugeran punika, alitipun (paling tidak) kita sampun medhot, mupus siklus masalah murih mboten kedawa-dawa. Sikap tresna lan ndongakaken punika sejatosipun dados proses nambani tatuning ati antawis kita lan mengsah kita. “Ora lho…. uwong iki wis tak larani, tapi kok isih isa nyapa aku, apik karo aku, apa gak lara atine?” Dangu-dangu sedherek kita punika badhe ngraosaken agenging sih katresnan kita, lan ugi saged mbereg piyambakipun mratobat.
Gusti Yesus mboten namung memulang bab punika, nanging ugi nindakaken piwulangipun minangka tuladha kagem kita, nalika Panjenenganipun ndongakaken tiyang-tiyang ingkang nganiaya lan nyedani Panjenenganipun ing kajeng salib. [PKS]
“Gusti ngurbanaken dhiri kanggo nebus dosaning manungsa, kita korban ati kanggo pepadha murih nemu kabecikan.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar