Sabtu, 28 Juni 2014

Wani Jujur Iku Hebat



Waosan: Purw. Dumadi 27:1-5, 15-29   |   Pamuji KPK 134:1-4.
“Ipat-ipat iku dak sanggane, engger, anakku, nuruta pituturku bae, gek endang mangkata!” (ayat 13).
Semboyanipun Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) inggih menika ‘Wani jujur iku hebat!’. Jaman samangke, jujur menika dados bab ingkang awis sanget reginipun. Tiyang ingkang jujur kaanggep dados tiyang ingkang beda utawi aneh. Pancen leres, tiyang ingkang nindakaken kejujuran menika kedah tiyang ingkang gadhah kekendelan, sebab nindakaken kejujuran menika wonten konsekuensinipun.
Rikala ibu Ribkah mireng bilih Rama Iskak kagungan rancangan badhe maringi berkah kangge Esap putranipun pembajeng, ibu Ribkah lajeng gadhah ide mboten jujur, inggih menika ngakali Rama Iskak. Tujuwanipun supados Rama Iskak mberkahi Yakub. Senadyan Gusti Allah sampun nate dhawuh bilih Yakub badhe dados tiyang ingkang langkung kiyat katimbang Esap, kang-masipun (25:23-26), ewasemanten ibu Ribkah milih lan ngugemi caranipun piyambak ingkang lepat. Kangge ibu Ribkah, tujuwan akhir dados bab ingkang paling penting. Pramila senadyan dipun gayuh ngangge cara ingkang salah, ibu Ribkah mboten ‘ambil pusing’. Tamtu kemawon, kita pancen perlu gadhah tujuwan gesang ingkang sae. Ananging perlu enget bilih anggen kita nggayuh tujuwan kalawau sampun ngantos ngangge cara ingkang klentu, salah, lan mboten jujur. Menapa Gusti Allah badhe tansah nyetujoni kaliyan sedaya cara lan strategi ingkang kita ginakaken kangge nggayuh tujuwan kita?
Senadyan Yakub nampi berkah ingkang dipun pikajengaken, ananging ngapusi utawi mboten jujur dhumateng ramanipun, Iskak, ndadosaken gesangipun mboten tenang. Konsekuensi ingkang dipun tanggel dening Yakub, sebab sampun keladuk ngapusi ramanipun, inggih menika:
  • Yakub mboten nate ningali ibunipun malih (27:43).
  • Sedherekipun (Esap) kepengin mejahi piyambakipun (27:41).
  • Yakub dipun apusi dening pamanipun, inggih menika Laban (29:25).
  • Esap gesang pisah dangu sanget kaliyan Yakub adhinipun.
Iba endah yen ibu Ribkah purun sabar ngantos Gusti Allah makarya kanthi cara lan ing wekdal ingkang pinilih. (Esha)
“Tiyang kang andhap asor sinung berkah, tiyang ngandel Kristus Gusti raharja langgeng.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar