Selasa, 24 Juni 2014

Aja Noleh !



Waosan: Purw. Dumadi (Kej.) 19: 15-29   |  Pamuji: KPK 187: 4
Pak Bejo wongsal-wangsul ningali latar, lajeng mbatos “Wah, udan kok ora rampung-rampung. Deres pisan! Yen  nekad budhal rapat bakal kluncum sanadyan nganggo mantel. Upama aku duwe mobil, deresa kaya apa mesthi budhal!”
Awit berkahipun Gusti Pak Bejo lajeng saged mundhut mobil.  Nalika badhe bidhal tindak rapat ujug-ujug jawah deres sanget. “We-lha, udan! Sore mau mobil bar tak umbah. Coba yen durung tak umbah, aku mesthi budhal sanadyan udan deres banget. Wis, kala-kala ora melu rapat rak ya lumrah, wong udan deres.”
Nalika manah sampun lengket kaliyan raja brana pancen ndadosaken angel nengenaken tumindak manut karsanipun Gusti. Raja brana menika badhe nyancang suku kita supados lampah kita langkung nengenaken keterikatan dhateng raja brana katimbang keterikatan kita dhateng timbalanipun Gusti. Sampun kathah sanget contoh bab menika.
Sodom lan Gomora sampun boten malih saged dipun welasi, parah sanget karisakaning manungsa. Namung Lot lan brayatipun ingkang kaparingan margi dening Gusti supados uwal saking paukuman. Mila Lot lan brayatipun dipun timbali supados enggal-enggal medal saking kitha Sodom lan Gomora. Nalika medal saking kitha Sodom lan Gomora sampun dipun wanti-wanti mekaten, “Lumayua, ungsèkna uripmu! Aja nolèh lan aja mondhag-mandheg babar pisan ana ing saurute lebak Yardèn iki.…” Nanging nyatanipun mboten sedaya kiyat mlampah manut kaliyan wanti-wanti kalawau. Semahipun Lot ketingal sanget bilih manahipun taksih lèngkèt dhateng raja brana ingkang dipun tilar. Mila mboten tahan manut wanti-wanti, mila piyambakipun lajeng nolèh. Akibatipun, pejah!
Prayogi menawi cariyos menika kita dadosaken pangilon supados kita saged temen-temen nengenaken timbalanipun Gusti katimbang nengenaken manah utawi gesang dhumateng barang kadonyan.  [smdyn]
“Dhuh Gusti, kawula nyuwun pepadhang supados saged langkung tresna dhumateng Paduka langkung saking samukawis”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar