Jumat, 06 Juni 2014

Moral Andhap Utawi Moral Inggil ?



Waosan Yohanes 21: 15-19    |    Pamuji: KPK 50
Pak Bejo    : “Apa bener kowe ngenthit dhuwite greja?”
Pak Bodas :  “Napa sampeyan gadhah bukti yen kula ngenthit?”
Pak Bejo    : “Aku kok krungu pepanthan kene lagi ana sing lagi pasulayan”
Bu Mawar : “Pangapunten, Pak. Kula kepengker keladuk lan mboten saged ngendhaleni emosi. Lepat kula, Pak, ngapunten.”

Pak Bodas ing nginggil klebet tiyang ingkang moralipun andhap. Kenging menapa? Awit piyambakipun badhe ngaku ngenthit menawi tiyang sanes saged mbuktekaken. Pak Bodas kados para tersangka korupsi ingkang nembe ngaken lepat nalika pengadilan saged mbuktekaken. Ingkang dipun anut inggih menika prinsip presumption of innocence (praduga tak bersalah). Beda kaliyan Pak Bodas nggih menika Bu Mawar ingkang moralpun inggil. Awit Bu Mawar mboten perlu tiyang sanès pados bukti, nanging piyambakipun ingkang sacara sadhar ngakeni kalepatanipun. Pak Bodas sèndhèn dhateng aturan/ hukum lan bukti, Bu Mawar sèndhèn dhateng manah ingkang lebet/ hati nurani (presumption of fallability). Tiyang ingkang sendhen ing bukti menika moralipun awon, andhap, rendah! Ingkang sèndhèn dhateng hati nurani menika moralipun inggil.
Petrus muwun, malah ngguguk tangisipun nalika -namung- dipun dangu “Apa kowe tresna marang aku?” Kenging menapa Petrus muwun ngguguk? Awit pitakenan kalawau katampi ing manah/ hati nurani. Lan Petrus taksih gadhah hati nurani ingkang sae. Mila nalika kadangu mawi pitakenan kalawau piyambakipun lajeng nitipriksa bab gesangipun. Lajeng manggihaken kasunyatan bilih asring nglampahi tumindak ingkang awon.
Presumption of innocence menika wilayah pengadilan (moral rendah -nengenaken bukti), lan greja menika wilayah presumption of fallability (moral inggil  -nengenaken manah ingkang resik). Moral kula lan panjenengan klebet ingkang pundi? [smdyn]
“Kawula kepingin gesang kalambaran manah ingkang suci”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar