Senin, 16 Juni 2014

Gusti Sumbering Kekiyatan Lan Katresnan



Waosan:Pur12:1-9 / KPK
 “……Sira lungaa ninggala tanahira, kulawangsanira lan omahe bapakira, menyanga ing nagara kang bakal Suntedahake marang sira.” (ayat 1)
Sedaya sami sarujuk bilih nherek Gusti mbetahaken warni-warni pangorbanan. Nanging kathah ingkang namung mawartosaken bilih ndherek Gusti menika mesthi nyenengaken, mbingahaken, mesti sukses, sugih, lan sanes-sanesipun. Pawartos ingkang mekaten menika mbokmenawi kirang seimbang. Kedah dipun wartosaken ugi bilih ndherek Gusti menika mbetahaken pangorbanan.
Kados ingkang sampun kula raosaken, nalika kula kedah nilaraken tiyang sepuh, karana ndherek Gusti Yesus lan nilar kapitadosan kula ingkang lami. Raos awrat sanget, taunan raos manah sisah amargi menika. Ananging namung dhumateng Gusti piyambak kula nampeni katentreman lan panglipuran. Gusti paring kekiyatan, nyagedaken kula nglampahi sedaya. Katresnan lan panglipuran saking Gusti ageng sanget.
Mbokmenawi panjenengan ngraosaken kasangsaran karana ndherek Gusti Yesus. Kita ngadhepi perkawis ingkang awrat, katilar dening sedherek lan ugi mitra. Kasunyatan ingkang kados mekaten menika saged ndadosaken kita lungkrah ing kapitadosan, mboten semangat lelados, lan sapirutipun. Menapa ingkang kedah kita lampahi? Dhateng sinten kita saged pados kekiyatan? Inggih namung dhateng Gusti Yesus. Mbokmenawi kita ewed ngapunten sedherek ingkang lepat dhateng kita. Ewed nresnani sesami. Dhateng sinten kita nyuwun supados kita saged paring pangapunten lan tresna dhateng sesami? Inggih dhateng Gusti Allah kemawon kita saged nyuwun sedayanipun. Namung setunggal syaratipun, pitados dhateng Gusti ingkang mantep.
Kados dene Rama Abraham ingkang dipun utus dening Gusti nilaraken nagrinipun. Namung setunggal modalipunRama Abraham, inggih namung pitados dhumateng Gusti ingkang badhe ngirid lampahipun. Semanten ugi kita sedaya, mangga kita sami pitados, bilih Gusti Allah ingkang dados sumbering kekiyatan, lan katresnanipun menika nyata ing gesang kita. [Syn]
“Pasrah sawetah ndamel ayeming manah, mantep pitados ndamel kendeling batos.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar