Senin, 30 Juni 2014

Ndemek

Waosan : Mateus 9: 18-26    |    Pamuji KPK 66: 1, 2.
“Panjenengan kersaa rawuh sarta ndemèk piyambakipun, supados gesang malih.” (ayat 18)
Nalika Gubernur Jokowi blusukan tiyang kathah sanget kepingin saged salaman kaliyan Pak Gubernur menika. Tamtu menika karana kepingin ndemèk lan dipun demèk, demèk-demèkan kaliyan priyantun istimewa menika. Tamtu tiyang-tiyang ingkang kelampahan sami salaman kaliyan Jokowi rumaos bingah lan marem. Mekaten ugi dhateng kyai ingkang saweg miyos. Malah astanipun kyai ngantos dipun ambung. Lah mekaten tiyang kathah remen lan betah ndemèk lan dipun demèk, langkung-langkung bocah lan tiyang sepuhipun.
Wonten priyantun kalih ingkang ndemèk ing waosan cariyos dinten menika, nggih menika Gusti Yesus lan wanita ingkang sakit nggrajag getih. Gusti Yesus ndemèk putranipun pengagenging sinagoge (papan pangibadah alit) -ingkang sampun tilar donya- temah lare menika gesang malih. Tiyang sepuhipun lare menika yakin bilih “pandemèkipun” Gusti Yesus rinenggan panguwasa agung ingkang ndhatengaken kesarasan lan malah pigesangan kanthi nundhung pati. Wanita sakit nggrajag getih menika ndemèk jubahipun Gusti Yesus temah saras saking sakitipun. Wanita menika nggadhahi kapitadosan bilih Gusti Yesus, sajubahipun pisan, kagungan panguwaos agung ingkang saged ngicali panandhang. Menawi dipun demèk, nadyan namung jubahipun kemawon, badhe ndhatengaken kesarasan. Saestu ngedab-edabi.
Ndemèk lan didemèk menika saged kelampahan yen sami cecaketan (celak). Menika mboten saged kelampahan menawi sami tetebihan. Pramila Gusti Yesus nyaketi lare ingkang sampun tilar donya menika. Wanita menika ugi nyaketi Gusti Yesus supados saged ndemèk jubahipun.
Gusti tansah cecaketan kaliyan kita. Nanging menapa kita tansah rumaos bilih Gusti caket kaliyan kita? Ing salebeting pandonga menapa kita rumaos bilih Gusti menika saestu caket utawi celak kaliyan kita? Menawi kita kepingin dipun demèk utawi ndemèk Gusti Yesus, kita kedah saestu yakin lan ngraosaken bilih Gusti Yesus menika celak sanget kaliyan kita, mboten tebih saking kita. [ST]
“Dhuh Gusti, mugi kersa ndemèk badan kawula ingkang ringkih menika!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar