Jumat, 20 Juni 2014

Netepi Janji



Waosan : Purw. Dumadi (Kej.) 17: 1-27  |  Pamuji:  KPK 81:1,4.
“Aku iki Allah Kang Mahakwasa. Kowé mbangun-turuta, lan tansah nglakonana sakersa-Ku.” (ayat 1)
Pendhita: “Menapa sampeyan janji badhe tansah setya dhumateng Gusti kanthi kebak tulusing manah kados dene Gusti tansah setya dhateng janjinipun?” Ingkang luwar tanggung (Sidi): “Inggih, kula janji.” Pendhita: “Menapa panjenengan janji badhe dados pendherekipun Sang Kristus ingkang setya saben dinten lan ndherek tanggel jawab tumrap pigesangan lan tuwuhing greja pasamuwanipun Gusti?” Ingkang kabaptis diwasa: “Inggih, kula janji.” Menika janji kita nalika kita netepaken kanthi tanggel jawab ndherek Gusti. Menika janji lan kesagahan ingkang sae.
Gusti ugi janji paring berkah kawilujengan dhateng kita saking panguwasaning dosa sarta paring tentrem rahayu. Gusti mesthi lan sampun kasunyatan netepi janjinipun dhateng kita manungsa. Janjinipun Gusti Allah dhateng Abraham lan Sarah sampun kapenuhan kanthi yektos. Gusti mboten nate mblenjani janjinipun, sedaya mesthi dipun tetepi. Pancen kadhang kala ketingalipun Gusti badhe mboten setya dhateng janjinipun piyambak; kados nalika nyuwun supados Iskak kakurbanaken. Nanging menawi kita setya (mbangun turut lan sabar) dhumateng Panjenenganipun, janjinipun Gusti cetha kapenuhan. Malah nadyan kedah kekurban lan kanthi nandhang kasangsaran (kasangsaranipun Gusti Yesus), Gusti setya netepi janjinipun dhateng manungsa.
Kados pundi kapenuhaning janji-janji kita dhumateng Gusti? Dinten menika kita dipun engetaken klayan waosan kita supados kita mbangun turut dhumateng Gusti lan tansah nglampahi karsanipun Allah. Prasaja (jujur) kemawon, kadhang kala kita menika mboten setya dhumateng Gusti, kita mboten netepi janji kita dhumateng Panjenenganipun. Salah satunggal sabab, mbokbilih, kita mboten kanthi saestu ngraosaken kasetyanipun Gusti dhateng kita. Pitakenanipun: Lha menapa Gusti anggenipun setya dhateng janjinipun menika karana tansah ngraosaken lan mirsani kasetyan kita ingkang nyata saben dinten? Rak mboten? Panjenenganipun tetep setya nadyan kita sok mboten setya. Kita rak nggih kedah mekaten? [ST]
Mboten wonten alesan kangge mboten setya dhumateng Gusti Allah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar