Selasa, 22 Juli 2014

Aku Begja



Waosan : Matius 13 : 16 – 17   I  Pamuji KPK 193 : 1, 2, 3
Nats: “Begja kowe, sebab mripatmu weruh lan kupingmu krungu” [ayat 16b]

Begja tegesipun pikantuk pengalaman ingkang mbingahaken. Kabingahan menapa ingkang kita tampi lan raosaken? Gusti Yesus marengaken kita gadhah mripat saged ningali lan gadhah kuping saged mirengaken. Sadaya menika rak nggih kabegjan sarta kabingahan ingkang ageng ta?! Cobi, yen kita mrangguli satunggaling sadherek ingkang wuta lan budheg, tamtu kita saged mbayangaken iba eweding gesangipun sebab perlu bantuwan khusus supados saged gesang kados tiyang normal (ningali lan mireng sacara langsung).
Yen kita raos-raosaken, ing jaman samangke menika wonten tiyang ingkang wuta lan budheg sacara sanepan (kiasan). Wuta sacara sanepan inggih menika tiyang ingkang mboten saged mbedakaken kanthi cetha bab-bab ingkang leres lan ingkang klentu. Malah asring dipun wolak-walik: ingkang klentu dipun anggep leres lan ingkang leres dipun anggep klentu. Mekaten ugi wonten saperangan tiyang ingkang kagolongaken ‘ndableg’ ingkang tansah nerak wewaler utawi angger-angger.
Sabdanipun Gusti Yesus menika ngengetaken saiba begjanipun para murid yen dipun bandhingaken kaliyan para nabi lan para tiyang mursid ing Kitab Suci Prajanjian Lami, ingkang sami kepengin ningali lan miring menapa ingkang dipun tingali lan dipun pirengaken dening para murid, ananging mboten kaleksanan (Kawaosna Ibrani 11:39-40).
Kabegjan menapa ta ingkang dipun tampi dening para murid? Para murid dipun parengaken mangertos klayan gamblang bab piwulangipun Gusti Yesus ingkang kawedharaken ngangge pasemon-pasemon. Mboten gampil kangge mangertos isinipun Kitab Suci, kita betah bantuwan ing antawisipun arupi pasemon kados pamecanipun (nubuat) nabi Yesaya (Yesaya 6:9-10).
Kabegjan peparingipun Gusti Yesus menika mboten mandheg dumugi saged ningali lan mireng, ananging nggadhahi sipat langgeng. Awit ingkang dipun tingali lan ingkang dipun pirengaken kalawau piwulang kangge nggayuh kawilujengan sarta gesang langgeng. Amin. [Esha]
“Kabegjan sejati yen percaya, manut, lan bekti Sang Kristus Gusti.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar