Selasa, 08 Juli 2014

Getun Tiba Mburi ?



Waosan : Matius 11 : 20 – 24  I  Pamuji KPK  43 :1 ,2 ,3
Nats: “Nanging kowe Dakkandhani: ‘Mbesuk ing Dinane Kiamat,
wong-wong ing kutha Sodom bakal luwih diwelasi dening Gusti Allah ketimbang karo kowe!’ “ [ayat 24]

Kadhang kala kita ngucap lan mireng tembung: ‘Adhuh, getun aku…!’. Pangucap menika nedahaken bilih ingkang ngucap rumaos keduwung lan getun. Keduwung lan getun sabab keladuk ngucapaken tetembungan ingkang mboten sae lan ndadosaken seriking manah sesami. Keduwung lan keladuk nindakaken bab-bab ingkang nguciwani sesami, lsp.
Salah satunggaling pitutur adi ing satengahing masyarakat Jawi inggih menika: ‘Getun tiba mburi’. Pitutur menika isi piwulang kangge tiyang Jawi supados dipun pikir lebet lan serius saderengipun ngucap lan tumindak, supados mboten getun sasampunipun sedayanipun kedadosan. Raos keduwung lan getun menika mboten wonten paedahipun, kejawi malah namung ngganggu kemawon sebab tansah rumaos lepat.
Kitha-kitha Tirus, Sidon, lan Sodom minangka kitha-kitha kina ingkang pancen kawentar (terkenal) sabab reputasinipun ing bab piawon lan kadurakanipun (Purwaning Dumadi 18; 19; Yehezkiel 27; 28). Kitha-kitha kalawau dipun besmi dening Allah sebab piawon (kejahatan) lan kadurakanipun.
Penduduk kitha Khorasin, Betsaida, lan Kapernaum sami ningali (nekseni) sacara langsung bab pakaryanipun Gusti Yesus. Nanging sami mboten mratobat. Pramila Gusti Yesus dhawuh menawi kitha-kitha ingkang sampun kawentar awon reputasinipun saged nekseni langsung pakaryanipun Gusti Yesus, tamtu sami badhe mratobat. Awit penduduk kitha Khorasin, Betsaida, lan Kapernaum nekseni piyambak bab pakaryanipun Gusti Yesus ananging sami mboten pitados lan mboten mratobat, pramila sami badhe nampi paukuman ingkang langkung awrat katimbang kitha-kitha ingkang mboten nekseni pakaryanipun.
Saben warga GKJW tamtu sami gadhah Kitab Suci. Lah mekaten ugi griyanipun warga GKJW asring dipun hias kaliyan gambar-gambar lan lambang-lambang iman Kristen. Enget, bilih sedaya kalawau yen mboten dipun sarengi kapitadosan tulus lan setya dhumateng Gusti Yesus, mboten wonten paedahipun. [Esha]
“Manah kawula padhang wit Paduka ngapura lan manah kula kaenggalna.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar