Kamis, 24 Juli 2014

Kemah Gesang



Waosan : Pangentasan  40 : 16 – 21, 34 – 38  |   Pamuji : KPK 48
Nats : “Bareng in taun kang kapindho sasi pisan, tanggal sapisan, Tarub Suci kelakon kaedegake.” [ayat 35]

Gusti Allah ngersakaken wonten papan kagem Gusti ing satengahing umat kagunganipun. Tarub Suci inggih punika dalemipun. Awujud tarub murih saged dipun pindhah-pindhah, awit Bangsa Israel taksih kedah lumampah dhateng nagri prajanjian. Tarub Suci punika ugi kasebat Tarub Pasewakan (Kemah Pertemuan), awit ing papan punika Gusti Allah sesambetan kaliyan umatipun. Lan wekdal Prabu Salomo kabangun Pedaleman Suci (Bait Suci) papan sesambetan ing antawisipun Gusti Allah lan manungsa umatipun ingkang dipun damel permanen.
Lajeng wonten pundi papan sesambetan antawisipun Gusti Allah lan umatipun ing sapunika? Punapa gedhung greja saged kawastanan Bait Suci sapunika? Greja ing pemanggih kita punika ugi dalemipun Gusti. Papan kagem sesambetan ing atawisipun Gusti kaliyan umat kagunganipun sacara pribadi lan pasamuwan. Ananging sesambetan ing antawisipun Gusti lan umatipun punika mboten saged dipun watesi jam, dinten lan kahanan. Gusti kapang (kepingin sanget) sesambetan kaliyan kita saben dinten. Kados suraosipun Kidung Pasamuwan Kristen 48, “Gustimu kepareng mundhut papan aneng atimu…”. Manah kita ingkang kasuwun dados padalemanipun anggenipun Gusti nyarengi gesang kita saben dinten.
Kados pundi suwasana manah kita sapunika? Sumpeg, kebak rereged karana warni-warni reribeting gesang? Gusti rawuh ing manah kita mboten badhe ngrepoti lan nyuwun dipun sugata. Gusti nyuwun papan lan wekdal sekedhik ing manah kita, badhe paring pitulungan murih manah kita saged katata. Ningali gesang kanthi optimis (manteb), langkung semangat, nggadhahi pangajeng-ajeng, mboten gampil semplah. Sak repot-repote, sak padhet-padhete gawean, Gusti kedah kita aturi papan lan wekdal. Papan lan wekdal mboten namung winates ing dinten minggu kemawon. PAH saged dados sarana mbangun kemah pepanggihan antawisipun Gusti lan kita, umatipun saben dinten. Gesang ingkang kawiwitan, kadhasaran lan kapungkasan srana pepanggihan kaliyan Gusti, mesthi dados endah lan tentrem. [PKS]
Mangga dipun jagi kemah gesang kita murih mboten bocor lan ambruk!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar