Jumat, 18 Juli 2014

Katresnanipun Gusti



Waosan : Pangentasan 20 : 1 – 17  |  Pamuji : KPK 8 : 1 – 5
Aturipun tiyang kathah, manungsa ing jaman samangke punika saya dangu saya kreatif (pinter). Tegesipun, kreatifitas punika dipun damel ngakali angger-angger, kalebet ugi angger-anggeripun Gusti Allah. Upaminipun, bab angger-angger sedasa titah. Ing ngriku wonten angger-angger bab nyenyolong. Mila, supados mboten nerak angger-angger tiyang lajeng ngangge istilah korupsi. Punapa korupsi punika mboten kalebet nyolong? Wangsulanipun: “mboten.” Amargi menawi nyolong punika gadhahipun tiyang pribadi (personal), ananging menawi korupsi punika sanes gadhahipun tiyang pribadi alias artanipun bangsa.
Pancen, angger-angger punika saged kemawon dipun akali kanthi kreatifitas sinaosa punika kalebet tumindak ngeyel. Ananging, Gusti Allah ingkang nitahaken angger-angger kala wau mboten saged dipun akali. Angger-angger sedasa titah kala wau dipun paringaken dening Gusti dhateng bangsa Israel, punika sejatosipun inggih kangge kasaenanipun bangsa Israel piyambak. Supados bangsa Israel kanthi angger-angger kala wau, saged mujudaken katresnan dhumateng Gusti Allah saha dhateng sesaminipun. Gusti ngatag bangsa Isarel, supados minangka bangsa pinilih Israel mboten manut sapikajengipun piyambak. Israel dipun pilih dening Gusti kangge paring paseksi dhateng bangsa-bangsa sanesipun bilih sejatosipun Gusti Allah punika estu-estu nresnani manungsa lan sedaya titah ing salumahing bumi. Pramila Gusti mboten ngersakaken menawi bangsa Israel gesang sapikajengipun piyambak. Kedah wonten wewaton (prinsip) “take and give” utawi maringi lan dipun paringi tumraping bangsa Israel kaliyan Gusti Allah sesembahanipun.
Ngantos ing jaman samangke, sejatosipun angger-angger punika taksih saged kita damel kangge kasaenaning gesang kita. Kita, kadosa bangsa Israel, ugi dados tiyang pinilih ing ngarsanipun Gusti. Kita dipun piji kangge nampeni kawilujengan gesang. Lah menawi makaten, kita ugi kedah saged mujudaken gesang ingkang sae, supados kita estu pantes nampeni katresnanipun Gusti ingkang ageng. Punapa kita sampun saged mujudaken gesang ingkang kados makaten? Amin.  [Lintang]
“Katresnanipun Gusti punika margi kangge mujudaken gesang enggal.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar