Senin, 14 Juli 2014

Katuntun Dening Asta Kang Luhur



Waosan : Pangentasan (Keluaran) 14 : 5 -  28  | Pamuji : KPK 170 : 1 – 3
Nats : “Mangkono Pangeran Yehuwah anggone muguhake galihe sang Prabu Pringon, raja Mesir iku temah banjur nututi wong Israel, naging wong Israel lumaku terus katuntun dening asta kang luhur.” [ayat 8]

Tuntunan menika kabetahaken dening sedaya manungsa karana kadosa pundi kemawon kemampuanipun manungsa menika winates. Kados mekaten ingkang dipun alami dening bangsa Israel. Karana bangsa menika taksih dipun kuwaosi dening Bangsa Mesir kaliyan rajanipun Sang Prabu Pringon.
Pancen kawontenanipun mrihatosaken, ing wekdal bangsa Israel medal saking tanah Mesir. Lajeng sang raja Pringon “banjur ngrakit kretane sarta ngumpulake wadya balane, mbekta kreta pilihan mematus, malah sakehe kreta satanah Mesir kabeh, padha ditunggangi para panggedhening prajurit. Anadene wong Mesir lan sakehe jaran lan kretane Sang Prabu Pringon, prajurit jaranan lan wadya-balane, padha nututi wong Israel, anggone katututan nalika padha leren ana ing pinggir segara.” Nalika Sang Prabu Pringon sampun celak, tiyang Israel sumurup bilih bala tantra Mesir sami nututi. Temah tiyang Israel ajrih sanget lan asesambat wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah, mekaten aturipun dhateng nabi Musa: “Punapa amargi ing Mesir boten wonten kuburanipun, kula kok lajeng panjenengan bekta, supados sami pejah wonten ing pasamunan punika? Punapaa dene kula sami panjenengan damel makaten, panjenengan irit medal saking tanah Mesir? Kula rak sampun sami matur dhateng panjenengan wonten ing Mesir: kula mugi panjenengan kendelaken kemawon, kajengipun kula sami ngawula dhateng tiyang Mesir tinimbang kaliyan pejah wonten ing pasamunan punika.”
Saged dipun gambaraken sepinten bingung, ajrih lan geteripun bangsa Israel. Ing wingking sampun celak kaliyan Raja Pringon sesarengan wadya bala ingkang kathah dene ing ngajeng wonten segara. Kawontenanipun Israel sampun sanget kepepet, pramila sedaya sesarengan sami asesambat. Tumunten Nabi Musa ngandika: “Pangeran Yehuwah kang bakal nyarirani perang nyulihi kowe, dene kowe bakal padha meneng bae.” [Bpur]
“Pangeran Yehuwah mitulungi wong kang kepepet lan sesambat.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar