Kamis, 10 Juli 2014

Malu Bertanya Sesat di Gang Buntu



Waosan : Pangentasan (Keluaran)  3 : 13 – 20  |  Pamuji : KPK 62: 1,2
Nats : “…. Kados pundi wangsulan kawula?….” [ayat 13]

Wekdal Pambujanan Suci dhateng para sepuh ing Jumat Agung kepengker, rombongan Majelis sareng kaliyan priyantun ingkang boncengan. Saking margi ageng tiyang kala wau nyarengi rombongan. Sedaya sami pitaken sinten priyantun kala wau, ananging mboten wonten ingkang tepang. Wekdal mlebet gang tiyang kala wau ugi tumut. Pitakenanipun lajeng malih, “tamune sapa kuwi?” Nanging wekdal rombongan sampun dugi papan peladosan, tiyang menika mbalik karana marginipun buntu. “Oalah keblasuk tibake, wong samene akehe kok ora ana sing ditakoni”, celetuk salah satunggaling Majelis.
Nabi Musa miwiti timbalanipun ngayahi tanggel jawab ingkang awrat, nuntun bangsa medal saking satengah bangsa ingkang ageng, rosa lan digdaya. Nabi Musa ketingal ajrih. Piyambakipun ngrumaosi sanes satunggaling tiyang ingkang kendel lan pinter diplomasi. Kanthi sadhar dhiri karana rumaos  kebak kekirangan, Nabi Musa lajeng ngunjukaken kathah pitaken dhumateng Gusti. Mbok menawi wonten perkawis-perkawis ingkang dados sanggahanipun Prabu Prengon utawi saking Bangsa Israel piyambak. Bab ingkang dipun pitakenaken babagan sinten ingkang ngutus, punapa buktinipun menawi Musa minangka utusanipun Gusti Allah, lsp.
Cekaking cariyos, Nabi Musa nindakaken timbalanipun nuntun Bangsa Israel medal saking tanah Mesir kanthi tuntunanipun Gusti. Kanthi pitaken lan wanuh, ndadosaken Nabi Musa kendel lan mangertos punapa ingkang kedah dipun lampahi. Lampahipun bener lan pener.
Pitaken dhumateng Gusti. Punapa punika taksih dados cara kita menawi wonten perkawis ingkang karaos buntu? Gusti pancen kasebut ing pandonga-pandonga murih kersa mitulungi, paring jalan keluar lan ngiyataken. Nanging asring arahanipun mboten kadamel. Apuranen, dongakna, wenehna pipi tengenmu, tresnanana mungsuhmu, sabara. Punika arahanipun Gusti. Kisruh ing rumah tangga, kisruh ing pasamuwan pungkasanipun langkung asring karampungaken kanthi arahan pikiran lan otot. Antemen, walesen, satrunen. Wusananipun bulan (bubar jalan).
[PKS]

“Pitaken lan manut arahanipun Gusti ndadosaken gesang kita slamet, mboten keblasuk!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar