Waosan : Pangentasan 16 : 1 – 5, 9 – 15 | Pamuji : KPK 181
Nats : Dene ing dina kaping nem, samangsa ngolah apa kang dikukup, iku bakal tikel lorone, tinimbang kang dikukup saben dinane… [ayat 5]
Ing salah satunggaling dusun Kristen kala rumiyin, menawi wonten warganing pasamuwan nyambut damel ing dinten Minggu, lajeng kapatrapan paukuman (arupi: ngempalaken semen, dendha arta, lsp). Perkawis punika sampun mboten katindakaken ing jaman samangke. Pramila kathah tiyang pitados tetep nyambut damel ing dinten Minggu.
Cacah jiwa manungsa ing donya punika saya mindhak kathah. Globalisasi mbekta kabudayan ingkang mboten sae ugi, kados dene budaya konsumtif, saingan, lsp. Punika ndadosaken manungsa sami berlomba mbudidaya kabetahaning gesang kanthi menghalalkan segala cara. Pokokipun kabetahan lan pepinginanipun saged kacekapan, malah menawi saged nggih lumuber. Tumindak punika mboten dipun sarengi kaliyan tindak-tanduk mbangun turut kaliyan Gustinipun. Manungsa ugi sami sumelang ing bab gesangipun, sandang lan pangan.
Bangsa Israel ugi ngedumel nalika lumampah medal saking Mesir wonten ing ara-ara samun. Kathah tiyang sami ajrih mboten saged nedha, keluwen. Sami ngedumel dhateng nabi Musa lan Rama Harun (ayat 3). Nanging Gusti mboten mendel kemawon. Gusti lajeng paring Manna (roti). Malah roti punika tikel kalih kagem dinten Sabbat (ayat 19). Punika nedahaken bilih Gusti badhe paring berkah kanthi luber dhateng tiyang pitados; mboten angsal ngèngèh. Mboten perlu sumelang ing bab gesang ing tembe. Gusti mesthi mberkahi lan berkah punika lumeber kagem manungsa ingkang pitados.
Manekawarni kawontenan lan kabudayan ingkang mboten sae ing jaman samangke mboten saged kita selaki, nanging tetep kedah kita adhepi. Nanging sampun ngatos punika ndadosaken kita sumelang. Gusti bakal mberkahi, mboten namung berkah ingkang limrah, ananging berkah ingkang lumuber. Gusti sampun nyawisaken sedaya kabetahan kita, lan ingkang dipun cawisaken menika lumuber. Kita namung kedah pitados lan mbangun turut dhateng ing Gusti. [Yono]
“Kapracayan kang mantep nyirnakke was sumelang.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar