Rabu, 02 Juli 2014

Menapa Kita Siap Martosaken Injil ?



Waosan : Matius 10 : 1 – 7  |  Pamuji : KPK 104
Nats : “Padha mangkata lan padha memulanga mangkene: Kratoning Allah wus cedhak…” [ayat 6 - 7]

Ing satengahing parepatan kedadosan prekawis ingkang nglingsemaken. Pak Jagal kanthi swanten ingkang sora sanget, mbengok, “Mimpin rapat ora nggenah ngono wani dadi ketua panitia! Ayo nyingkrih. Ganti sing pantes!” Swasana rapat kangge cecawis pahargyan Paskah kisruh. Pimpinan rapat boten trimah nalika dipun lokaken kados mekaten. Pungkasanipun Panitia Paskah lajeng masrahaken dhateng PHMJ supados saged nentremaken swasana lan ugi sesambetan antawisipun Pak Jagal kaliyan ketua panitia.
Kawontenan ing nginggil menika minangka gambaran bilih kathah sanget aktivis pasamuwan ingkang taksih “lare” karohanenipun. Warga setunggal kaliyan setunggalipun sami pasulayan. Ingkang setunggal mogok awit nalika usul ing satengahing rapat dipun gujeng dening sedherek-sedherek sanesipun. Sanesipun boten purun tumut menapa-menapa kejawi namung pangabekti Minggu, awit rumaos putranipun ingkang swantenipun sae boten dipun tumutaken tampil nalika pahargyan Natal tahun kepengker, lsp.
Menawi pasamuwan isinipun warga ingkang taksih gampil mogok utawi mutung, kadospundi saged ngecakaken timbalanipun Gusti: “Padha mangkata lan padha memulanga mangkene: Kratoning Allah wus cedhak…” Saged-saged wekdal peladosanipun para anggota Majelis namung telas kangge ngrukunaken warga pasamuwan.
Mbok inggih kita kersaa mbudidaya nglambari gesang padintenan kita kanthi tekad ingkang kenceng: “Kowe aja padha nyimpang menyang ing dalane wong kapir……” Kapir menika tegesipun boten tepang Gusti utawi tiyang ingkang gesangipun boten ngudi kersanipun Gusti. Tiyang ingkang remen padudon, gampil semplah, mutung lan mupus menika titikanipun tiyang ingkang boten tepang kaliyan kersanipun Gusti. Utawi paling boten tiyang kados mekaten menika nampik timbalanipun Gusti.
Lha, kadospundi kita? Mangga kita titi priksa saestu gesang kita, menapa sampun siap nampi timbalan martosaken Injil! [smdyn]

“Kaparingana kawula manah ingkang tansah cumadhang nampi timbalan Paduka”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar