Senin, 04 Agustus 2014

Gusti Ratune Jagad



Waosan : Pangandaring Toret 10 : 12 – 22  |  Pamuji : KPK 127
Nats : Satemene, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang kagungan langit, malah langit ing sadhuwure langit, apa dene bumi dalah saisine kabeh. [ayat 14]

Panandhang ingkang awrat sanget, upaminipun sakit dangu mboten saras-saras, saged ndadosaken tiyang kecalan kapitadosan dhateng Gusti. Nanging ugi wonten ingkang mboten ngalami panandhang awrat nyobi panguwaos sanesipun Gusti Yesus, pados kesarasan dhateng dukun. Nalika dipun dangu, wangsulanipun, “Wong jenenge usaha, ya entuk ae… sapa ngerti iku dalane kawarasan”. Kenging menapa saged kelampahan dhateng tiyang Kristen? Punapa tiyang punika mboten pitados malih dhateng Gusti Yesus?
Sejatosipun, tiyang ingkang nglampahi punika taksih nggadhahi kapitadosan dhateng Gusti Yesus, nanging taksih nyobi pados panguwaos sanesipun Gusti Yesus. Dados mboten saged dipun anggep tiyang punika mboten nggadahi kapitadosan dhateng Gusti Yesus. Tiyang mekaten menika mendua hati. Gusti mboten remen dhateng tiyang makaten. Setya tuhu namung dhateng Gusti Yesus Kristus punika harga mati, mboten saged dipun tawa malih.
Punika ingkang kelampahan dhateng bangsa Israel ing kala semanten, Gusti Allah paring pangemut dhateng bangsa Israel supados tresna lan ngabekti dhateng Pangeran Yehuwah kemawon (ayat 12), selajengipun ugi lumampah gesang cundhuk kaliyan ingkang dipun tedahaken Gusti Allah. Menawi ningali ayat punika, saestu setya tuhu dhumateng Gusti kedah kita lampahi wonten ing gesang nyata. Mboten ngaku pitados, ananging taksih nyobi panguwaos sanes. Menawi taksih nglampahi punika ateges kita dereng saged setya.
Pangandikaning Gusti dhateng bangsa Israel, “Satemene, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang kagungan langit, malah langit ing sadhuwure langit, apa dene bumi dalah saisine kabeh (ayat14). Semanten ugi nalika kita pitados bilih Gusti Yesus punika Gusti Allah, Gusti Yesus punika ugi ratuning jagad, mboten wonten panguwaos ingkang langkung ageng tinimbang Gusti Yesus. Mangga sami pitados lan mboten mangu-mangu malih lan pados panguwaos sanesipun Gusti Yesus. [Yono]
“Wong kang mendua hati ora bakal ayem atine.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar