Kamis, 14 Agustus 2014

Pahargyan



Waosan : Mateus 22 : 1 – 14  |   Pamuji : KPK 73 : 1, 3
Nats : ‘Pira lan sapa waé wong sing kokprangguli ing kana, ulemana, supaya teka ing pahargyan mantèn iki.’[ayat 9]

Saben tiyang mantu mesthi nindakaken pacawisan ingkang kanthi tumemen, langkung-langkung menawi memanton menika katindakaken sarana ngawontenakan pahargyan (resepsi). Wragatipun (biaya) mesthi boten sekedhik, lungkrahipun lair lan batin boten kantenan. Pacawisan katindakaken pinten-pinten minggu utawi malah wulan saderengipun pahargyan. Mesthinipun kathah tiyang ingkang dipun ulemi, dipun aturi rawuh ing pahargyan menika. Ingkang mantu kepingin andum kabingahan kaliyan tiyang kathah. Pramila, saiba bingahipun menawi kathah tiyang ingkang sami rawuh. Nanging saiba kuciwanipun yen namung sekedhik ingkang kersa rawuh.
Lah makaten ugi Gusti Allah anggenipun arsa paring kabingahan dhateng umat manungsa kagambaraken kados ngawontenaken pahargyan manten. Kados dene ing pahargyan manten, Gusti Allah ngulemi tiyang-tiyang tartamtu (nggih menika umat Israel) supados sami rawuh. Nanging ingkang dipun ulemi boten wonten ingkang rawuh. Wusananipun, Gusti Allah ngutus para abdinipun supados ngajak sintena kemawon ing pundi-pundi panggenan supados sami dhateng ing pahargyan menika.
Pahargyan manten menika ing kasunyatan samangke saged kelampahan ing mawarni-warni pangibadah greja kita. Dhateng pangibadah-pangibadah menika Gusti Allah ngulemi manungsa kinen sami dhateng. Dados ing pangibadah-pangibadah menika Gusti Allah ingkang ngulemi kita, ingkang nimbali kita, sanes kita manungsa ingkang nyuwun rawuhipun Gusti Allah. Lumantar lan wonten ing pangibadah-pangibadah menika Gusti Allah arsa paring kabingahan lan berkah.
Kita sedaya dipun ulemi dening Gusti dhateng ing pahargyan (pangibadah) menika. Sampun ngantos kita suwala (boten dhateng klayan manekawarni alesan). Kita ugi tinimbalan dados abdinipun Gusti ingkang kapatah ngajak sintena kemawon sami dhateng ing pahargyan (pangibadah) menika. Mangga nyawisaken manah dhateng ing pahargyanipun Gusti kanthi manah ingkang tulus. [ST]
“Pangibadah kang katindakaken kanthi ati kang cumadhang lan tulus mesthi ndhatengaken berkah.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar