Senin, 18 Agustus 2014

Bodho Lan Picak



Waosan : Mateus 23 : 13 – 22 | Pujian KPK 47 : 3
Nats : Heh, kowe wong-wong bodho lan picak, endi sing luwih wigati, emas apa Padaleman Suci sing nucekake emase? [ayat 17]
Tiyang ingkang bodho secara nalar, dereng tamtu picak secara wadhag. Nanging tiyang ingkang bodho secara nalar saged ugi picak secara kawruh. Tiyang ingkang picak secara wadhag, dereng tamtu bodho secara nalar. Nanging tiyang ingkang picak secara nalar saged ugi bodho secara kawruh.
Ugi ing babagan karohanen tiyang ingkang kawastanan bodho lan picak secara rohani, boten nggadhahi kawruh babagan karohanen ingkang pener lan leres. Boten sumerep pundi ingkang leres lan pundi ingkang lepat, pundi ingkang kedah katindakaken lan pundi ingkang dipun awisi. Ingkang dipun pikiraken namung kadospundi caranipun saged untung lan kasil. Agami dipun pluntir kangge kauntungan pribadi. Para ahli Toret lan para tiyang Farisi, dening Gusti Yesus kawastanan tiyang ingkang bodho lan picak. Bab menika cetha wonten ing cak-cakaning gesang ingkang benten, malah lelawanan kaliyan piwulang agami ingkang dipun wulangaken:
  •   Ngancingi lawange Kratoning Swarga, ngalang-alangi wong sing arep mlebu,
  •   Nguntal omahe randha-randha nganti entek,
  •   Ndadekake wong sing wis mratobat dadi wong naraka nganti tikel pindho alane.
Srana tumindak, tetembungan, tingkah polah, saged kemawon kita ngancingi korining swarga kagem tiyang sanes. Tiyang ingkang badhe mlebet boten tamtu: “jare wong Kristen kok ngono, jare Kristen kok ora ngristeni.” Kita saged ugi nindhes tiyang ingkang ringkih, sekeng, “mencari kesempatan dalam kesempitan”. Boten paring tuntunan lan tuladha ingkang sae tumraping tiyang ingkang sampun mratobat, nanging malah kepara njlomprongaken dhateng margi ingkang lepat, ndadosaken tiyang nraka ingkang tikel pindho awonipun katimbang kita. Ing dinten pengetan 17 Agustus punika kita sami dipun engetaken “aja dadi pemimpining bangsa kang bodho lan picak, ananging dadia pemimpining bangsa kang pinter lan melèk”; “aja dadi panuntuning agama kang bodho lan picak…. ananging dadia panuntuning agama kang pinter lan melèk!” Amin[SS]
“Dadia wuta marang panggodha, melèka marang kautaman!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar