Rabu, 20 Agustus 2014

Iba Endah Papan Paleremanku



Waosan : Wahyu 21 : 9b – 14  I  Pamuji KPK 321 : 1, 2, 3
Nats: “Aku dituduhi kutha Yerusalem kang suci tumurun saka swarga, saka Gusti Allah” [ayat 10b]
Rikala kula badhe pensiun, kula wiwit ngangen-angen griya ingkang badhe kula panggeni mangke sasampunipun pensiun. Kula wiwit mbayangaken, mendah bingah yen saged manggen griya enggal kangge menikmati masa pensiun, griya ingkang mapan ing lokasi tenang, celak kaliyan tanggi, mboten ageng, wonten kamar khusus kangge nyimpen buku-buku, latar kebak rumput ijem, wonten sekar, lsp. Senadyan griya kalawau dereng wonten wujudipun, nanging kula sampun kasengsem lan wiwit bingah. Gusti maringi tuntunan ingkang langkung cetha lan ing wekdal kula pensiun, saestu kula dipun parengaken manggen griya ingkang dados idham-idhaman kula.
Pangandika menika isi gegambaran bab ‘Kitha Yerusalem ingkang enggal’ mekaten: lokasinipun mapan ing gunung ingkang ageng lan inggil sanget, tumurun saking swarga, saking Gusti Allah, lan kebak kaluhuran sarta cahya kamulyanipun Allah. Kitha wau nggilap gumebyar kados inten lan bening kados kristal. Tembokipun mubeng, ageng, lan inggil. Gapuranipun wonten 12 lan dipun jagi dening malaikat 12. Lawang gapura dipun serati nami taleripun bangsa Israel ingkang cacahipun 12. Pondhasinipun tembok mubeng ngangge sela 12 ingkang dipun serati naminipun para rasulipun Sang Cempe cacahipun 12.
Gegambaran bab kithanipun Gusti Allah ingkang enggal lan ingkang ngedab-edabi menika minangka pralambang lan nedahaken minangka ‘griya’ kita ingkang enggal. Ing ngriku kita dipun parengaken manggen sesarengan kaliyan Gusti Allah. Wujud lan kaendahanipun mboten saged dipun gambaraken lan dipun bayangaken. Kita mboten badhe kuciwa!
‘Yerusalem enggal’ minangka satunggaling gambaran ‘Rumah masa depan’ kagunganipun Gusti Allah kangge umatipun. Kalihwelas suku Israel minangka perwakilan sedaya tiyang pitados ing Prajanjian Lami; 12 rasul minangka pralambang perwakilan greja. Dados, kalih bangsa inggih menika Yunani (manca) lan Yahudi ingkang pitados dhumateng Gusti Allah badhe gesang sesarengan ing langit lan bumi ingkang enggal. Amin.[Esha]
“Kawula ngantya nagri swarga, nagrining tyang manteb pracaya.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar