Kamis, 28 Agustus 2014

Rukun Agawe Santosa



Waosan  :  Kolose 1 : 15 – 23  |  Pamuji : KPK  104 : 1, 3
Nats: “…kang ngrukunake samubarang kabeh karo sarirane, kang ana ing bumi lan kang ana ing swarga…” [ayat 20]
Sedaya tiyang mesthi remen gesang rukun. Boten wonten tiyang  kepengin pasulayan. Mila wonten tetembungan rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Tetembungan menika ngengetaken menawi kepengin gesang tentrem santosa, kedah ngudi karukunan, ing gesang bebrayatan, ing pasamuwan lan ing masyarakat. Kasunyatanipun ngudi karukunan menika boten gampil, mbetahaken upaya ingkang temen-temen.
Rasul Paulus paring piwulang dhateng pasamuwan Kolose. Manungsa ingkang waunipun tebih saking Gusti Allah karana tumindak dosa, samenika celak kaliyan Gusti Allah. Gusti Yesus sampun sinalib seda lan wungu malih saking antawisipun tiyang pejah. Panjenenganipun ngrukunaken kita kaliyan Gusti Allah. Srana pitados dhateng Gusti Yesus, kita kasebat putraning Allah. Gusti Allah kersa paring pangapura dhateng kita. Karana menika Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan ing Kolose supados mantep ing pracaya, boten nyimpang saking dhawuhipun Gusti sarta nindakaken sabdanipun Gusti ing lampahing gesangipun.
Bilih Gusti Yesus kersa ngurbanaken Sariranipun kangge manungsa, kados pundi kaliyan kita? Bilih Gusti Allah kersa rukun kaliyan manungsa, menapa kita purun rukun kaliyan sesami kita? Wangsulanipun kita piyambak ingkang saged mangsuli. Minangka umat kagunganipun Gusti, kita katimbalan dados juru pirukun ing satengahing gesang bebrayan.
Supados kita saged mujudaken karukunan kang santosa, ingkang sepisan kita kedah nuladha dhateng Gusti Yesus. Sedaya lampah gesang kita mbangun turut dhateng karsanipun Gusti. Kita purun ngestokaken sedaya piwulang sarta netepi angger-anggeripun Gusti. Kaping kalih, kita purun mbangun paseduluran ing pundia kemawon. Ing salebeting manah kita kebak raos tresna dhateng sesami. Sampun ngantos kita nyimpen kalepataning liyan, nanging nggadhahana manah ingkang kebak pangapura. Lan pungkasanipun, kita boten benten-bentenaken sesami kita. Sedaya manungsa ing ngarsanipun Gusti menika sami. Karana menika gesang ing satengahing brayat, pasamuwan lan masyarakat sageda ndadosaken kita rukun kaliyan sintena kemawon. [AR]
“Katresnan iku tansah ngudi pirukun”.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar