Selasa, 26 Agustus 2014

Pangandikane Kanthi Panguwasa



Waosan : Lukas 4 : 31 – 37  |   Pamuji : KPK 189
Nats: “Wong-wong padha kaeraman krungu piwulange, amarga pangandikane kanthi panguwasa.” [ayat 32]

Kula rumiyin nate dipun wulang guru ingkang pangandikanipun saged dipun gugu lan dipun tiru. Awit menapa kemawon ingkang dipun ngandikakaken ugi dipun tindakaken saben dinten. Ing wekdal piyambakipun ngandika kedah disiplin piyambakipun rawuh ing sekolah ngrumiyini saderengipun wancinipun sekolah mlebet. Ing wekdal piyambakipun ngandika sopan-santun, piyambakipun ugi ngurmati sesami guru menapa malih Kepala Sekolah.
Ing waosan kita dinten punika Gusti Yesus rawuh ing kitha Kapernaum. Ing kitha menika Panjenenganipun nindakaken pakaryan ingkang berhasil (Mat 8: 5-17; Mark 1: 21-39). Saking gunung Gusti Yesus mandhap dhateng danau. Ingkang dipun lampahi ingkang paling penting mucal ing papan pangabekti ing dinten Sabat. Nalika Panjenenganipun saweg mucal wonten tiyang ingkang kapanjingan dhemit. Ketingalipun tiyang menika kepingin nglampahi pacoben dhateng Gusti Yesus, kanthi nguwuh warni-warni. Nanging sarana Pangandika ingkang kebak panguwasa Gusti Yesus dhawuh: “Menenga! Metua saka wong iku!” Wonge banjur kalarak dening dhemit mau, kabanting ing satengahing wong akeh; dhemite nuli metu lan babar pisan ora njalari larane wong mau.”
Cetha saking cariyos menika panguwaosipun lumantar pangandikanipun Gusti pancen edab-edabi. Malah tiyang kathah sami eram inggih awit pangandikanipun klayan panguwasa lan kanthi wibawa. Pangandika menika taksih wonten ngantos samangke, lamamatar saking Kitab Suci lan saben tiyang ingkang kaagem dening Gusti. Pramila kita sampun ngantos namung eram. Kita mboten perlu ajrih dhateng dhemit utawi setan. Kita saged ugi ingkang dipun agem dening Gusti klayan panguwasa lan kawibawanipun. Menapa kita siaga dipun agem Gusti? Ingkang kita betahaken inggih menika keyakinan ingkang teguh dhateng panguwasanipun Gusti ingkang linangkung. Pangandikanipun Gusti menika langgeng, lumampah jaman rumiyin,  samangke ngantos mboten wonten  watesipun. [Bpur]
“Wong kang manteb keyakinane, ora nate wedi marang apa wae.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar