Jumat, 08 Agustus 2014

Tantingan



Waosan : Yosua 24 : 1 – 13  |  Pamuji : KPK 86 : 1, 3
Nats : “Kaya mangkono anggone para leluhurira padha Sunparingi negara, kang padha sira ebeki ora kalawan rekasa,” [ayat 13]
Wekdal anak kita sampun netepaken pilihanipun, badhe gesang bebrayatan, perkawis ingkang mesthi dipun tangletaken tiyang sepuh dhateng putra umumipun inggih punika “Sampean wis mantep tenan Ndhuk karo pilihanmu? Utawi “Sampean ora getun tenan ing tembe mburi karo pilihanmu?”
Pitakenan sampean wis manteb punika sejatosipun badhe nggigah kesadharan putra kinasih murih anggenipun ndhawahaken pilihan mboten namung karana winates babagan seneng, tresna, cinta kemawon, ananging tamtu dipun dhasari kanthi proses pengenalan, nyatunggilaken manah lan lampah gesang. Pitakenan sampean ora getun punika paring pangertosan bilih minangka pilihan, calon semah kala wau mboten ateges pasangan ingkang sampurna, mboten wonten kekirangipun. Lan punapa kang putra ugi sampun saged nampi kekiranganipun kala wau?
Tantingan punika ugi dipun tujokaken dening Gusti Allah dhumateng Bangsa Israel ingkang badhe enggal manggen wonten ing tanah pusakanipun ingkang sampun dipun dum dhateng saben suku. Wekdal punika Yosua sampun sempuh lan mbokmenawi mboten dangu malih anggenipun saged nyarengi Bangsa punika. Tantinganipun Gusti lumantar Yosua inggih punika punapa taksih purun wanuh lan ngabekti dhumateng Gusti ingkang sampun mitulungi, mbelani lan mberkahi wiwit Rama Abraham ngantos sapunika manggen wonten ing nagri prajanjian. Tantingan punika ingkang badhe nemtokaken jangkah salajengipun.
Tantinganipun Gusti kedah terus kita dadosaken dhasar anggen kita njangkah ing gesang. Menawi kula tampi pakaryan punika, menawi kula pindhah ing papan punika, menawi kula sesemahan kaliyan priyantun punika, punapa kula taksih purun wanuh lan bekti dhumateng Gusti? Punapa kemawon pilihan kita badhe nemtokaken jangkah gesang saklajengipun. Nebih utawi nyelak kamirahan lan katresnanipun Gusti. Perlu dados kawigatosan kita, menawi kita nebih, babar pisan mboten wonten untungipun, ananging malah rugi ingkang ageng. [PKS]
“Wanuh lan bekti dhumateng Gusti kedah dados tantingan, menawi kita badhe nemtokaken pilihan gesang.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar