Rabu, 06 Agustus 2014

Apa Kabutuhanku ?



Waosan : 2 Korintus 9 : 6 – 10  |  Pamuji : KPK 23 : 1, 2, 3
Nats : “Gusti Allah kwaos maringi kowe luwih akeh ketimbang karo sing kok butuhake” [8a]

Tiyang samangke yen ketelasan pulsa rak mbingungi! Bab menika nedahaken yen kabetahan kita ing jaman samangke benten tebih kaliyan kabetahan tiyang ing jaman kepengker. Tiyang rumiyin kabetahanipun katetepaken: sandang, pangan, lan papan. Tiyang samangke nambahi kabetahanipun kaliyan rekreasi, alat transportasi, alat komunikasi, pulsa, lsp.
Panjenengan menapa nate pitaken: Kabutuhanku iku sakjane apa wae ta…? Pitakenan menika perlu kita jawab, sebab wonten gandhengipun kaliyan pangudarasa ingkang mekaten: Apa ya sing bisa dak aturke, wong aku dhewe ya isih kurang? Pangudarasa mekaten menika nedahaken wontenipun raos mangu-mangu badhe atur pisungsung dhumateng Allah.
Paulus ngyakinaken warga patunggilan ing Korintus bilih Gusti Allah kwaos nyekapi kabetahanipun. Ingkang nyebar sekedhik badhe panen sekedhik ugi, mekaten nasehatipun Paulus. Bab menika isi pepenget bilih sampun ngantos iman kapitadosan kita dados lungkrah (lemah) kasebabaken atur pisungsung ingkang sejatosipun katindakaken klayan bebas.

Allah paring sumber-sumber ingkang saged kita tingkataken. Paulus ngginakaken pasemon wiji kangge njelasaken bilih sumber-sumber peparingipun Allah sampun ngantos dipun dhelikaken, dipun telasaken muspra, utawi dipun bucal. Kosokwangsulipun, sumber-sumber kalawau supados kaolah ngedalaken asil langkung kathah.
Bab menika saged mbantu kita mangsuli pitakenan: “Kabutuhanku iku sakjane apa wae ta…?” Pancen kathah, tur kathah sanget ingkang kita betahaken. Ewasemanten perlu enget bilih wonten kabetahan ingkang langkung adi lan penting, inggih menika ngedhuk lan manggihaken talenta sarta sumber-sumber kangge nyengkuyung kebabaring Injil.
Menawi kita saged nindakaken sedaya kalawau kangge tumut cawe-cawe ing pakaryanipun Gusti Allah, Panjenenganipun badhe nyawisaken langkung kathah malih supados kita saged ngladosi karsanipun kanthi optimal. Amin. [Esha]
“Luhurna Pangeran kang tansah ngganjar kabegjan!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar