Selasa, 12 Agustus 2014

Wantun Ngadepi Gesang



Waosan  :  Para Hakim 6 : 11 – 24a  |  Pamuji  :   KPK 345
Nats : “Tentrem rahayu anaa ing sira. Aja kuwatir, sira ora bakal mati.” [ayat 23]

Gesang ing alam donya menika boten gampil, kepara kathah pakewedipun (kesulitan). Kathah tumindak lan tataning gesang ingkang boten adil. Kathah tiyang kepingin pados menange dhewe, boten purun “ngalah”. Senajan kathah pambudidaya ingkang tumuju kasaenan, nanging taksih kathah pakewed lan kasangsaran ingkang kelampahan.
Sasampunipun bangsa Israel lumebet ing tlatah Kanaan, kawontenanipun dereng saged nyawiji dados setunggal bangsa. Antawisipun suku-suku Israel gesang miturut bagian tlatahipun piyambak-piyambak. Pengaruh bangsa-bangsa sanesipun ndadosaken bangsa Israel boten setya dhateng Gusti Allah. Cariyos ing waosan kita, Gusti Allah ngukum bangsa Israel pitung taun dangunipun. Senajan bangsa Israel kasil anggenipun olah tetaneman nanging asil olah tetanemanipun dipun pendhet bangsa Median. Gesanging Israel kebak ing kasangsaran lan kekirangan. Kedadosan menika ndadosaken bangsa Israel sadhar lan mratobat nyuwun pitulungan dhateng Gusti Allah. Gusti mirengaken lan nimbali Gideon dados abdinipun ingkang wantun ngadhepi bangsa Median. Senajan Gideon menika taksih enem, nanging piyambakipun wantun ngadhepi bangsa Median ngagem panguwaosipun Gusti Allah. Lan pungkasanipun bangsa Israel menang ngadhepi bangsa Median.
Cariyos Gideon saged dados pepenget kangge kita. Kados pundi anggen kita ngadhepi kawontenaning gesang? Kita kedah wantun ngadhepi gesang srana ngandelaken kakiyatan lan panguwaosipun Gusti Allah. Sampun ngantos kita nyimpang saking angger-anggeripun Gusti. Gusti sampun prajanji paring pitulungan lan pangluwaran dhateng kita. Karana menika mangga kita adhepi sedaya perkawising gesang kita menika kanthi tatag. Kita wantun ngadhepi gesang, boten gampil nglokro, nanging sangsaya mantep pitados dhateng Gusti. Bilih kita kekirangan, mangga kita nyuwun kacekapan berkah saking Gusti. Bilih kita nandhang kasangsaran, mangga kita pasrah dhateng Gusti. Kita tetep pitados lan setya dhateng Gusti Allah karana namung Gusti sumbering gesang, pitulungan tuwin berkah kita. [AR]
“Wania mbrastha kang ala, wedia nerak kang becik!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar