Jumat, 22 Agustus 2014

Wis Umum



Waosan : 1 Tesalonika 4 : 1 – 8  |  Pamuji : KPK 190 : 1, 2
Nats: “Awit Gusti Allah anggene nimbali kita, ora supaya alaku rusuh ananging supaya nindakake apa kang becik.” [ayat 7]
Perkawis umum utawi limrah artosipun perkawis ingkang sampun biasa kita panggihi ing gesang sadinten-dinten. Anak-anak ingkang pinter-pinter ing jaman sapunika sampun umum, awit gizi lan pendidikanipun ingkang langkung terjamin. Bocah cilik nakal, “ora gelem meneng”, ugi limrahipun lare sapunika. Sekolah ngantos inggil, nggih sampun umum.
Bab limrah/ umum punika mboten namung babagan perkawis ingkang sae, ananging ugi perkawis ingkang awon. Contonipun bab nyogok supados urusan enggal rampung, dados TKI/TKW karana alasan kabetahan brayat, wekdal wangsul brayat dados bubrah, ngerpek wekdal ujian, nikah ing sajawinipun greja lajeng mratobat beres. Punika kadosipun ugi kahanan ingkang sampun limrah ing sakiwa tengen kita. Karana karaos umum, menawi tiyang Kristen nglampahi perkawis sedaya punika kala wau asring karaos entheng kemawon, mboten wonten beban punapa-punapa.
Menawi sedaya tiyang Kristen ndadosaken perkawis ing nginggil punika limrah/biasa, lajeng ingkang mboten biasa punika ingkang kados pundi? Menawi perkawis punika mboten dipun tingali dados masalah malih, tamtu mboten perlu wontenipun tiyang Kristen. Awit mboten wonten bentenipun antawis tiyang Kristen kaliyan tiyang-tiyang sanesipun.
“Wong Kristen aja ilang jati dirine!” Mbokmenawi punika ingkang dados inti saking reraosan dinten punika. Awit Gusti Allah anggene nimbali kita, ora supaya alaku rusuh, ananging supaya nindakake apa kang becik.” (ayat 7). Kita punika katimbalan dados manungsa ingkang ora umum. Menawi nindakaken perkawis ingkang ala punika umum, kita kedah nindakaken kosok wangsulipun. Sedaya urusan dipun lampahi kanthi njalur. Dredah dipun rampungaken kanthi ati lan pikiran adhem.  Dados TKI, TKW ingkang siap tetebihan kaliyan brayat. Jujur ing kesagedanipun piyambak wekdal ujian, lan njagi iman kapitadosan punapaa kemawon tantanganipun. Taksih saged ta tiyang Kristen? [PKS]
Ngaku Kristen, kudu wani urip “ora umum”!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar