Jumat, 12 September 2014

Boten Mbedaaken



Waosan : Lukas 8 : 1 – 3  |   Pamuji : KPK 85
Wonten sawatawis pelados pasamuwan ingkang ketingal sregep sanget ing sedaya peladosan. Kathah peladosan ingkang dipun tata dening “wong-wong iku wae.” Kamangka takasih kathah warga sanesipun, nanging boten nate ketingal ndherek lelados. Menapa sejatosipun tiyang-tiyang sanesipun menika boten saged ndherek lelados? Tamtu saged. Namung, pinitados menapa boten.
Ing waosan kita dinten menika kacariyosaken para muridipun Gusti Yesus, jaler lan estri, sami ndherek ing paladosanipun Gusti Yesus. Kacariyosaken bilih para wanita ingkang ndherek ing ngriki nggadhahi latar belakang ingkang benten-benten setunggal lan setunggalipun. Maryam Magdalena, swaunipun kapanjingan dhemit pitu. Yohana garwaning pegawe kraton Herodes, lan sanes-sanesipun. Kaliwelas rasulipun, kita mangertos, ugi nggadhahi latar belakang benten-benten. Sedayanipun sami ndherek lelados ing pakaryanipun Gusti Yesus mawartosaken kabar kabingahan lan mujudaken kratoning swarga ing sedaya papan panggenan, dusun lan kitha. Sedayanipun, pria lan wanita sarta menapaa kemawon latar belakangipun, sami katampi lan pinitados ndherek lelados ing pakaryanipun Gusti ingkang mulya.
Wonten maneka warni peladosan ing greja pasamuwan kita. Wonten peladosan ing Komisi-komisi, ing Kelompok-kelompok, ing Panitia-panitia kalayan Seksi-seksinipun ingkang kathah. Wonten ing sedaya peladosan menika, sintena kemawon prayogi dilibatkan lan pinitados ndherek lelados manut ing kasagedan lan kaprigelanipun piyambak-piyambak. Kita ingkang dilibatkan ing paladosan tartamtu kedahipun saestu saged pinitados. Kedahipun kita nindakaken paladosan menika kanthi bingah lan temen-temen. Kedahipun sedaya sami sengkuyung sinengkuyung mujudaken pakaryanipun Gusti. Sampun ngantos iren-irenan, “ngelek-elek” lan maido pelados sanesipun.
Selaku pradataning pasamuwan (Majelis), sampun ngantos kathah sanget peladosan ingkang kita ayahi piyambak. Kita bereg lan libatkan warga pasamuwan ndherek lelados. Kita ingkang pinitados lelados, sumangga kita tindakaken peladosan kanthi bingah lan temen-temen. [ST]
“Pemimpin yang baik pintar mendelegasikan tugas.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar