Rabu, 24 September 2014

Ora Ono Kang Noleh



Waosan : Nahum 2 : 2 – 8  |  Pamuji : KPK 78 : 1, 2
Nats: “Ana wong kang nguwuh-uwuh: “Mandhega, mandhega!”nanging ora ana kang noleh.” [ayat 8b]

Nahum tiyang Elkosy. Nahum  artosipun  “panglipuran”, “raos lega”. Sinaosa pawarta utami ingkang kaundhangaken dening Nahum inggih menika risakipun Ninewe ingkang sampun celak. Kanthi mekaten kawontenanipun Yehuda ingkang dipun tindhes saged radi lega. Pramila menggahing Yehuda, cocok kaliyan artosipun nami, rumaos lega menawi Ninewe risak.
Mengsah sampun dhateng nyerang Ninewe. Ninewe dipun kepung mengsah ingkang kathah. Ewasemanten Nahum kanthi panguwuh ingkang pait, supados Ninewe njagi beteng-betenging kitha: “nganakna pajagan ana ing beteng ngungaka ing dalan, lambungira sabukana kang kenceng, nglumpukna sakehing kekuwatan.” (ay. 1).
Kitha Ninewe kangge nyimpeni deduwen menika kangge dagang ugi namung kangge deduwen. Dhateng kitha menika mili barang-barang lan emas saking sadhengah negari ing jagad. Kanthi mekaten Ninewe kados blumbang toya, dhateng  papan pungkasaning lepen-lepen. Kitha Ninewe pendhudhukipun saking sadhengah suku, ingkang makempal saperlu pikantuk barang deduwen. Sasampunipun mengsah sami nyerang kitha menika boten wonten ingkang ngiket tiyang kathah menika. Tetiyang sami keplayu dhateng pundi-pundi, kados toya muncrat dhateng  pundi-pundi ing wekdal bendhungan jebol. Boten kathah tetiyang ingkang nyobi ngempalaken tenaga kanthi nguwuh: “Mandhega, mandhega!, nanging warga kitha kalawau, boten wonten ingkang noleh.
Menawi kepingin wilujeng, pancen kedah mlajeng, menapa malih menawi pancen wonten ingkang dados Juruwilujeng. Sinaosa wonten ingkang nguwuh-nguwuh, kita boten perlu noleh awit saged ugi menawi noleh malah boten pikantuk lan telat saking kawilujengan.
Kadhangkala utawi bokmenawi malah asring kita ngadhepi bebaya (mengsah) ingknag badhe nempuh gesang kita pribadi, brayat utawi pasamuwan. Ing kawontenan ingkang mekaten kita kedah fokus (ngener) dhateng kawilujengan, mboten tolah-toleh. [Bpur]
“Rahayu wong kang manut ing sapagrehe Gusti”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar