Jumat, 26 September 2014

Kula Miringaken Gusti



Waosan : Lukas 10 : 13 – 16  |  Pamuji : KPK 193 : 1
Andi nembe tumbas head-set, supados saged mirengaken lagu-lagu utawi siaran radio ing salebeting hand-phone(HP)nipun. Saben dinten,  sae nalika nyapu griya, utawi nalika nitih sepeda motor, piyambakipun tansah mirengaken lagu-lagu karemanipun. Pancen, mirengaken lagu-lagu lumantar head-set punika estu ngremenaken, amargi kita saged mirengaken piyambak lan mboten kaganggu dening swanten-swanten sanesipun.
Minangka putra-putrinipun Gusti, punapa kita sampun ugi ngangge “head-set” supados kita tansah mirengaken dhawuh lan karsanipun Gusti ing saben dinten? Mbokmenawi ing dinten Minggu kita sampun mirengaken dhawuhipun Gusti ing greja. Nanging Senin ngantos Sabtu, kados pundi?
Ing waosan kita kala wau, utaminipun ing ayat 16 katulis: “Sing sapa ngrungokake kowe, iku ngrungokake Aku lan sing sapa nampik marang kowe, iku nampik marang Aku. Mangka kang nampik marang Aku, iku nampik marang Panjenengane kang ngutus Aku.” Dhawuhipun Gusti Yesus punika katujokaken dhateng tiyang-tiyang ing kitha Kapernaum. Ateges, sok sintena ingkang nampik dhawuhipun Gusti Yesus, punika sejatosipun nampik Gusti Allah piyambak. Lan menawi nampik Gusti Allah, kados pundi? Inggih sampun cetha, mboten badhe dipun akeni dening Gusti Allah.
Mirengaken dhawuhipun Gusti, punika mboten cekap namung kita lampahi ing pangibadah Minggu utawi ing pangibadah patuwen kemawon. Ing saben dinten sejatosipun kita ugi kedah mirengaken dhawuh pangandikanipun Gusti lumantar paseksinipun Kitab Suci. Wonten unen-unen: maos Kitab Suci gangsal (5) menit, saged ngisi gesang sekawanlikur (24) jam. Tegesipun, menawi kita tansah maos Kitab Suci sinaosa namung 5 menit, punika migunani tumrap gesang kita sedinten muput. Gesang kita ugi saged gesang ingkang migunani tumrap sesami.

Pramila, sumangga kita mendhet wekdal ing saben dinten kangge mirengaken dhawuh pangandikanipun Gusti, supados gesang kita sageda dados gesang ingkang sae, lan kita mboten nampik Gusti Allah. Amin.  [Lintang]
“Sapa kang tansah rungon-rungonen dhawuhe Gusti mesthi bakal ayem tentrem uripe.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar