Selasa, 16 September 2014

Dados Sedherekipun Gusti



Waosan : Lukas 8 : 19 – 21  |  Pamuji : KPK 105
Nats: IbuKu lan sadulur-sadulurKu iku wong kang padha ngrungokake pangandikaning Allah lan banjur dilakoni. [ayat 21]

Pados sedherek lan ugi dados sedherek punika gampil-gampil sisah. Pados sedherek ingkang badhe dipun ajak suka bingah, mesthi kathah ingkang purun. Nanging menawi pados sedherek ingkang badhe dipun ajak sisah, nampeni kita ingkang sakit-sakiten, punika ewed sanget.
Dados sedherek punika kedahipun purun kekurban kagem sedherekipun. Sedherek mesthi saged nampi kawontenan sedherekipun, sae ing kawontenan bingah lan ugi ing kawontenan sisah. Nanging mboten namung nggujeng sesarengan, nangis ugi sesarengan. Ananging kados pundi kita nggadhahi simpati lan empati dhateng sedherek kita, mbiyantu ing bab kasusahanipun, mboten nilaraken piyambak nalika ngadhepi perkawis ingkang awrat.
Semanten ugi ingkang kawulangaken dening Gusti kita Yesus Kristus wonten ing awosan kita. IbuKu lan sadulur-sadulurKu iku wong kang padha ngrungokake pangandikaning Allah lan banjur dilakoni (ayat 21). Pangadika punika mboten ateges Gusti nyelaki tiyang sepuh lan para sedherekipun. Ananging paring piwulang bilih sinten ingkang purun mirengaken pangadikanipun Gusti lan ingkang nglampahi, menika ingkang kasebat sadherekipun Gusti Yesus.
Saestu kita bingah dene Gusti Yesus menika Gusti Allah ingkang karsa dados sedherek kita tiyang pitados. Sanes sedherek ingkang karsa kaliyan kita nalika ing kahanan mbingahaken, ananging sedherek ingkang tansah setya nalika kita ugi wonten ing kahanan ingkang nyisahaken. Sedherek ingkang saestu tresna dhateng kita manungsa ingkang dosa, ngorbanaken sariranipun, karsa gesang ing kasangsaran lan seda sinalib kagem kita sedaya.
Gusti karsa nganggep kita sedherek kanthi syarat menawi kita purun mirengaken pangadikanipun lan ugi nglampahi ing gesang kita. Dados mboten namung pitados kemawon, nanging mirengaken lan nglampahi pangandikanipun Gusti Yesus. Mboten ewed menawi kita mbetahaken sedherek Gusti Yesus Kristus; inggih menika nglampahi syarat punika. [Yono]
“Sedulur iku mesthi gelem kekurban kanggo dulure.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar