Senin, 08 September 2014

Ngendalaken Woh



Waosan : Lukas 7 : 1 – 10  |  Pamuji : KPK 193
Nats : “…Nanging Paduka kersaa ngandika satembung kemawon…” [ayat 7]

Pak Hari dheleg-dheleg ing latar Rumah Sakit. Piyambakipun boten pitados saged nggendhong semahipun saking lantai 3 ngantos dumugi latar Rumah Sakit. Pak Hari kera (kurus) kamangka semahipun lema lan anggenipun nggendhong boten alon-alon nanging kaliyan mlajar, awit wonten lindhu ageng. Pak Hari gumun sanget, “Lha kok isa aku nggendhong bojoku karo mlayu mudhun saka lantai 3 tekan latar ngliwati undhak-undhakkan akeh banget? Kamangka biasane mbantu ngunggahake ning dipan wae abot banget!”
Nalika manah lan panggalih menika fokus total dhateng setunggal prekawis pancen asring nuwuhaken kekiyatan ingkang ngedab-edabi. Menika ingkang dipun alami dening tetanggi kula, Pak Hari.
Waosan kita menika ugi nyariyosaken bab dayaning kapitadosan. Nalika Gusti Yesus badhe dhateng griyanipun, opsir kalawau matur, “Dhuh Gusti, mugi sampun dados damel Paduka, amargi kawula boten pantes Paduka rawuhi . . . . Nanging Paduka kersaa ngandika satembung kemawon, rencang kula tamtu badhe saras.” Mokal tembung menika saged kalairaken dening opsir menika menawi boten kalambaran piyandel ingkang ageng sanget.
Paling boten wonten tigang prekawis ingkang saged kita tuladhani saking opsir ing waosan menika. Sepisan, piyambakipun gadhah kawigatosan ingkang ageng sanget dhateng sesami. Katitik anggenipun gati sanget dhateng baturipun. Kaping kalih, opsir menika piyantun ingkang andhap asor, katitik anggenipun rumaos boten pantes Gusti Yesus mlebet griyanipun lan ugi ngakeni bilih piyambakipun ugi gadhah “atasan” (ay.8). Kaping tiga, piyambakipun yakin estu bilih Gusti Yesus menika kagungan kwasa ageng. Mila boten nggumun menawi Gusti Yesus lajeng ngendika, “Aku pitutur marang kowe, pangandel kang samene gedhene iki Aku durung tau tumon, sanadyan ing antarane wong Israel!”
Mangga kita sinau gesang saking opsir menika: gati dhateng sesami, langkung-langkung dhateng tiyang sekeng lan ringkih; andhap asor lan kiyat ing piyandel. [smdyn]
“Namung celak kaliyan Paduka kemawon kawula ayem tentrem.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar