Rabu, 10 September 2014

Lestari Urip


Waosan : Wilangan 21 : 4 – 9  |  Pamuji : KPK 143 : 1, 3
Nats : “Nabi Musa tumuli damel rerekan ula tembaga sarta kapanjer ing cagak; wasana saben wong kang kacokot ula, mangka banjur mandeng rerekan ula tembaga iku, iku lestari urip.”[ayat 9]

Kula remen tandur-tinandur, menawi tanduran ingkang kula tandur lestari urip, bingah sanget. Menapa malih menawi tanduran kalawau lajeng saged tuwuh kanthi lema, lan uwoh  ngrembaka. Wah, bingah kula langkung-langkung. Nanging yen tanduran kalawau alum lajeng pejah, kula gela lan sisah.
Menika kalawau manungsa ingkang boten nuwuhaken tanduran, mboten murba tanduran, gela lan sisah sanget. Menapa malih Gusti Allah ingkang kagungan gesang tamtu gela lan sisah sanget menawi manungsa ingkang dipun titahaken prayoga linuwih lajeng pejah namung nuruti urip ingkang boten manut kaliyan Gustinipun, mboten sabar. Menapa malih bangsa ingkang pinilih kados dene bangsa Israel.
Ing lampahipun bangsa Israel medal saking Mesir tumuju dhateng tanah Kanaan, ingkang saestu tinuntun ing Gusti, ketingal bangsa menika boten sabar, lan  nglawan dhateng Gusti Allah lan Nabi Musa, kanthi pangucap: “Kenging punapa kula kok sami panjenengan kesahaken saking tanah Mesir? Punapa supados kula sami pejah wonten ing pasamunan ngriki? Ing ngriki boten wonten roti, boten wonten toya, mangka kula sami bosen dhateng tetedhan ingkang boten wonten raosipun punika.” Inggih karana kesangeten anggenipun  nglawan dhateng Pangeran Yehuwah menika pramila Panjenenganipun ndhatengaken sawer mandi lajeng nyokoti tiyang kathah. Tiyang Israel kathah ingkang sami pejah. Lajeng saben-saben nyuwun pangapunten, dipun apunten dening Gusti Allah. Kanthi pangandika dhateng nabi Musa: “Sira gawea rerekan ula mandi, banjur kapanjera ing cagak; mangkono saben wong kang kacokot, mangka tumuli mandeng marang rerekan ula, iku bakal lestari urip.” Saestu kelampahan makaten. Tiyang kang kacokot sawer lajeng mandeng sawer tiron menika dados lestari gesang.
Kita ugi asring lepat dhateng Gusti lan sesami, nanging menawi kita purun nyuwun pangapunten dhateng Gusti Allah lan sesami, Gusti mesthi paring pangapunten. Ingkang menika kita perlu tansah mandeng dhateng sih pakaryanipun Gusti. [Bpur]
“Kasagedna kawula tansah mandeng sih pakaryan Paduka!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar