Kamis, 18 September 2014

Gusti Yesus Menika Sinten ?



Waosan : Lukas 9 : 7 – 9   |  Pamuji:  KPK 254 : 1, 2, 3
Nats: “Mulane Sang Prabu Herodes tansah ngudi bisane ketemu karo Gusti Yesus” [ayat 9b]

Saben tiyang perlu nggadhahi identitas utawi jati dhiri. Identitas utawi jati dhiri menika ingkang mbedakaken satunggaling tiyang kaliyan tiyang sanesipun. Menawi jati dhirinipun mboten cetha, bab menika saged nuwuhaken bebaya kangge dhirinipun piyambak. Upaminipun, kita rak nate mireng pawartos bab ‘salah tangkap’ pelaku tindak kejahatan?
Identitas saged arupi nami, papan lan tanggal kelairan, alamat, pedamelan, golongan rah, ciri-ciri fisik (mripat, irung, kuping, janggut, rambut, lsp.). Bab-bab menika adatipun kaserat wonten ing KTP, SIM, lsp.
Waosan kita maringi gambaran bab pakewed ingkang dipun adhepi dening tiyang kathah kala semanten, kalebet Sang Prabu Herodes, kangge netepaken identitas utawi jati dhirinipun Gusti Yesus. Tiyang sawatawis mastani Gusti Yesus menika Yohanes Pambaptis, ingkang sanesipun ngucap ‘iki Nabi Elia,’ ingkang sanesipun malih mastani Gusti Yesus menika salah satunggaling nabi. Kadospundi badhe saged pitados yen mboten sumerep sinten sejatosipun Gusti Yesus? Sekedhik tiyang ingkang saged manggihaken wangsulan leres, kados jawabanipun Petrus rikala dipun dangu dening Gusti Yesus: ‘Lha, yen kowe dhewe, Aku iki sapa? Wangsulane Petrus: Panjenengan menika Sang Kristus! Utusanipun Allah.’ (9:20).
Kangge kathah tiyang ing jaman samangke bab menika ugi taksih dados perkawis ingkang ewed, kangge ngakeni lan nampi bilih Gusti Yesus menika saestu manungsa lan estu-estu ilahi Putranipun Allah. Manungsa nyobi pados katrangan sanes kanthi nyebut Panjenenganipun menika ‘Nabi Besar, Pemimpin politik radikal, lan Pengacau’. Mboten wonten setunggal kemawon katrangan ingkang saged maringi gambaran wetah bab pakaryanipun, mukjijatipun lan kamulyan wungunipun saking antawisipun tiyang pejah. Ing pungkasanipun, ikhtiyar kangge nerangaken bab Gusti Yesus saya ewed lan saya tebih saking kasunyatanipun. Panjenengan saged mbantu nerangaken? Kangge tugas menika, identitas lan jati dhiri panjenengan perlu cetha langkung rumiyin. Amin. [Esha]
“Gusti Yesus yekti Pamarta, mengku gesang paring pangluwaran.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar